Minggu, 04 Januari 2015

Analisis cerkak


ANALISIS MORFOLOGIS KATA NON MURNI
MITURUT CERKAK "BBM MUNDHAK BAPAK KEPLARAK, 
BBM MUDHUN IBU GETUN"

A.    Nomina
1.      Nomina de verbal (kt benda dari kt kerja)
a.       panggaweane       pa N+ gawe + ane       pa N+L+ane
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
b.      blanjane                  blanja+e                     L+e
“Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane kurang”
c.       pedagang                pe+dagang               pe+L
“para pedagang wis ngantisipasi kanthi ngundakake rega’
d.      masakane                 masak+ane             L+ane
“Bu, endi iki masakane?”
e.       beceran                    becer+an                 L+an
Masa dhuwit rong yuta mung kanggo tuku beceran tok ngono kok kurang?”
2.      Nomina de adjektival
a.       kebutuhan              ka+butuh+an            ka+L+an
Saben gajian, bojone mesthi diwenehi dhuwit blanja kanggo tuku janganan lan kebutuhan liya-liyane”
b.      luwihan                 luwih+an                   L+an
sing luwihan wingi ya esih kan?”
3.      Nomina de numeralia
a.       Sijine                      Siji+e                    L+e
“Kabeh mau merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo”

B.     Verba
1.      Verba de nominal
a.       Ngabdi                              N+abdi                  N+L
“Pak Sunaryo wis 11 taun ngabdi dadi perangkat desa ana ing desa Lemahduwur”
b.      nglayani                N+layan+i              N+L+i
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
c.       dijenengi              di+jeneng+i           di+L+i
“Saking senenge marang kewan jago mau, anake nganthi dijenengi Jalu”
d.      nyandhang             N+sandhang         N+L
“Wong wadon ya kudune nyandhang”
e.       mangan                   N+pangan                          N+L
“Apa ya ora mangan dhuwit jago iku?”
f.       ngasilake               N+kasil+ake            N+L+ake
“Loh aja salah, justru iki sing bisa ngasilake dhuwit lho bu”
g.      disuda                     di+suda                 di+L
“rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh”
h.      njajanake                N+jajan+ake         N+L+ake
“Dhuwit saka bojone sering dienggo njajanake kanca-kancane”
i.        mikir                        N+pikir                    N+L
“Bu Naryo banjur mikir”
2.      Verba de adjektival
a.       ngurusi                N+urus+i                 N+L+i
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
b.      dikeluhake           di+keluh+ake          di+L+ake
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
c.       nggrundhel           N+grundhel            N+L
“Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane kurang”
d.      ngeyel                  N+eyel                      N+L
bu Naryo ngeyel
e.       dikurangi              di+kurang+i             di+L+i
“Pokoke emoh yen dikurangi”
f.       mareni                  mari+i                       L+i
Nanging ya tetep ora mareni.”
g.      kondhangan            kondhang+an          L+an
“mangkat kondangan minggu ngarepe”
h.      dikuwatirake               di+kuwatir+ake        di+L+ake
“Jalu ora usah dikuwatirake”
i.        ngurangi                     N+kurang+i                N+ L+i

j.        ngentekake                 N+entek+ake          N+L+ake
“bu Naryo tetep ora bisa ngendhegake pakulinane olehe ngentekake dhuwit”
k.      ngagetake                   N+kaget+ake          N+L+ake
Kabar iku ngagetake wong-wong”
l.        Disuda                        di+suda                    di+L
“dhuwit blanjane disuda bojone”

C.     Adjektiva
1.      Adjektiva de nominal
a.       kerase                    keras+e                  L+e
“Kabeh mau merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo”

2.      Adjektiva de verbal
a.       nrimanan             N+trima+an             N+L+an
“Sanajan wis gedhe banget pengorbanane pak Naryo, nanging bu Naryo tetep ora nrimanan wae”

D.    Adverbia keterangan
1.      Adverbia de verbal
a.       kalebune                   ka+lebu+ne            ka+L+ne
“Kabupaten Kebumen kalebune daerah sing wis makmur”
b.      tinimbang                -in-+timbang             -in-+L
Tinimbang kanggo tuku udud utawa kanggo tuku panganan nang warung”
2.      Adverbia de numeralia
a.       Siji-sijine                  siji-siji+ne           DP+ne
Anak siji-sijine sing umure tembe 10 taun”
b.      sawijinig                 sawiji+ing             L+ing
“Sawijining dina”
c.       lorone                    loro+ne                  L+ne
“Nalika anak ke lorone lair”
3.      Adverbia de adjektiva
a.       Sakakeh-akehe            sa+akeh-akeh+e          sa+DL+e
rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh”
b.      saksuwene                   sa+suwe+ne             sa+L+ne
“Nanging saksuwene BBM ora mudhun esih bisa dienggo alesan”

Sabtu, 03 Januari 2015

Cerkak

BBM MUNDHAK BAPAK KEPLARAK
BBM MUDHUN IBU GETUN

            Desa lemahduwur, kecamatan Kuwarasan, Kabupaten Kebumen kalebune daerah sing wis makmur ana ing daerah  Kebumen. Kabeh mau merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo. Pak Sunaryo wis 11 taun ngabdi dadi perangkat desa ana ing desa Lemahduwur. Awan bengi penggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane. Pak Sunaryo kalebu wong sing eman banget marang kaluwargane. Saben gajian, bojone mesthi diwenehi dhuwit blanja kanggo tuku janganan lan kebutuhan liya-liyane. Anak siji-sijine sing umure tembe 10 taun  uga mesthi diwenehi dhuwit kanggo sangu sekolah. Sanajan mung sewu-rongewu nanging anake sing jenenge Jalu mau wis meneng. Ora kaya ibune sing mesthi sambat kurangen wae. Padahal dhuwite wis diwenehake kabeh, pak naryo mung ngluwihi kanggo tuku pur jago, iku wae mung sithik banget. Pak naryo pancen seneng banget ngingoni Jago. Tinimbang kanggo tuku udud utawa kanggo tuku panganan nang warung, pak naryo luwih milih duwite dienggo tuku pur Jago. Saking senenge marang kewan jago mau, anake nganthi dijenengi Jalu.
            Sanajan wis gedhe banget pengorbanane pak Naryo, nanging bu Naryo tetep ora nrimanan wae. Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane kurang. Apa maneh saiki BBM wis mundhak.
“Pak, masa saben dina masake tahu-tempe, tahu-tempe. Bosen lho pak” grundhele bu naryo.
“lha wingi kan wis tak wenehi dhuwit. Ya iku dhuwite kanggo tuku lawuh kan kena. Wong gajiku wis tak wenehake kabeh ngono kok” pak Naryo mangsuli.
“halah...wong aku mung diwenehi rong yuta, ya kurang pak” bu Naryo ngeyel.
“Kurang kepriye? Masa dhuwit rong yuta mung kanggo tuku beceran tok ngono kok kurang? Hayoh ngaku, kanggo tuku apa wae dhuwite? Masa mung kanggo tuku lawuh sing rada enak sithik ora bisa? Aja dienggo kanggo tuku sing ora-ora lho bu! ”
“Kanggo tuku sing ora-ora kepriye? Wong wadon ya kudune nyandhang. Bapak iku lho saben dina penggaweyane mung ngurusi jago tok. Apa ya ora mangan dhuwit jago iku?”
“Loh aja salah, justru iki sing bisa ngasilake dhuwit lho bu. Nyandhang ya nyandhang, nanging masa tuku emas, tuku klambi dadi hobi? Pokoke sesuk dhuwit blanjane tak suda” Pak Naryo suwe-suwe rada nesu.

 “halah emoh...iki lho BBM mundhak, apa-apane dadi larang. BBM mundhak mung rongewu,  lomboke mundhak 30 ewu. Pokoke emoh yen dikurangi, sesuk yen BBM
mudhun lha nembe, rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh”  bu Naryo nantangi.
“BBM mundhak aja dadi alesan, kan esih cukup, wong dhuwite akeh ngono kok, sing luwihan wingi ya esih kan? kapanane BBM mudhun tak sudane tenan dhuwit blanjamu bu”
“ya ngonoh, ning ora bakal pak, mundhak maneh tembe memper” omonge bu Naryo ayem
            BBM pancen tembe bae mundhak, nanging efeke wis tekan ngendi ora. Tembe krungu kabare wae para pedagang wis ngantisipasi kanthi ngundakake rega, apa maneh nek wis mundhak, rega-regane saya mumbul dhuwur. Mundhake BBM iki  nggawe bingunge wong sing mung pas-pasan dhuwite. Apa maneh kanggo bu Naryo, isa-sa ora bisa tuku emas maneh gara-gara dhuwit blanjane ora luwih. Bu Naryo pancen hobine nukoni emas lan sandhangan liyane, jarene supaya ora ketinggalan karo kanca-kancane. Nanging sayange ora mikir kebutuhan liyane. Saben diwenehi dhuwit pak Naryo, langsung ditukokna emas utawa klambi, ora mikir mengko dhuwit blanjane kurang. Nalika BBM mundhak bu Naryo mung isa nggrundhel merga mung isa tuku lawuh tahu tempe. Nanging ya tetep ora mareni.
            Sawijining dina, bu Naryo jam 3 sore tembe bali karo nggawa tas blanjanan akeh.  Jebul bu Naryo tembe bae tuku klambi lan sepatu kanggo dienggo mangkat kondangan minggu ngarepe. Saben garep mangkat kondangan mesthi klambine ganti.
“Bu, endi iki masakane? Aku kok ora dimasakna?”
“lali pak, iki aku nembe bali lho...”
“mesthi bar blanja maneh ya? Ibu iki priye sih? wis ngerti BBM mundhak ya isih nukoni klambi wae. Ora melas apa karo bapak sing nggolek dhuwit ngalor ngidul, ngetan ngulon, nganthi keplarak-plarak kaya ngene. Malah ora dimasakake. Terus aku kon mangan apa?”
“Halah, gari tuku dhisik nang aring warung kan pirang-pirang”
“Ya wis ngeneh dhuwit blanjane tak enggo aku wae”
“ya ora bisa, wong iki wis dadi hakku kok”
            Pak Naryo atine banget mangkele. Tinimbang pada padu, pak naryo luwih milih metu lunga saka omah, golek panganan nang warung sapa tau utang. Jalu ora usah dikuwatirake, merga saben bali sekolah mesthi mampir nggone mbahe nunut mangan. Sanajan banget mangkele karo bojone, nanging pak naryo janjane ya melas, kepengin anak bojone nyandhang sing bener. Dadi ya mung dijorna wae, karo ngarep-arep BBM bisa mudhun supaya bisa kanggo alesan ngurangi dhuwit blanjane bojone, supaya bisa sadar.  Merga ora bisa tuku pur, jago-jagone mung dipakani sega luwihan tok. Saya suwe katon kuru kaya majikane. Awan bengi pak Naryo mikirake sipate bojone sing ora bisa mareni. Jalu sing taksih cilik durung patia ngerti karo kahanane wong tuwane. Asal wis diwenehi sangu wis meneng. Menawa ngrasa ngelih dolan menyang omahe simbahe. Mung mbahe sing rada melas karo Jalu. Bu Naryo pancen kebangeten. Dhuwit saka bojone sering dienggo njajanake kanca-kancane. Jarene supaya katon rada mentereng.  
            Saben esuk bu Naryo mesthi lung menyang pasar. Sanajan saben dina lunga menyang pasar, nanging anehe sing dituku mung janganan iku-iku wae, merga tujuwane pasar ya mung garep pamer gelang karo kalung tok. Sawijining dina ana kedadeyan sing gawe jengkele bu Naryo. Yaiku kalunge dijambret nalika lagi-milih-milh janganan nang aring pasar. Kalung sing abote 10 gram iku ilang tanpa tepak. Sidane bu naryo mulih karo mbesengut turut ndalan.
“Kowe nangapa bu? Bali-bali kok mbesengut kaya ngono?” takone pak Naryo
“ora papa pak, kesel wae” bu Naryo ora wani ngomong menawa tembe bae kejambretan, merga wedi diseneni bojone.
“oh yawis nganah ngaso dhisik nang kamar” prentahe pak Naryo.
“iya” karo taksih mbesengut.
            Bu naryo banjur mlebu kamar. Dheweke mikir kepriye carane supaya bisa tuku kalung maneh. Menawa blaka karo bojone mesthi bakal diseneni. Sing luwih parah, dhuwit blanjane diendheg. Nanging saksuwene BBM ora mudhun esih bisa dienggo alesan supaya diwenehi dhuwit blanjan luwih.  
            Sanajan bu Naryo sipate boros, nanging omah-omahane karo karo Pak naryo ayem-ayem wae.  Malah Jalu garep duwe adhi. Nanging sanajan lagi ngandhut, bu Naryo tetep ora bisa ngendhegake pakulinane olehe ngentekake dhuwit. Ora mikir sesuk yen anak ke lorone lair butuhe saya akeh. Bayi durung metu wae wis ngetokake wragad akeh, yaiku kanggo tuku klambi, popok, jarik, lan liya-liyane. Nanging ya tetep, klambi sing dituku kanggo biyunge luwih akeh tinimbang anake. Pak Naryo janjane seneng bakal nduweni anak maneh, nanging ya mumet, merga bakal tambah keplarak-plarak nggolek dhuwit ngetan ngulon.
            Singkat cerita ana kabar sing marekake senenge pak Naryo, nanging gawe was-wase bu Naryo. Yaiku BBM bakal mudhun maneh. Kabar iku ngagetake wong-wong, merga durung kelakon ana BBM mudhun, biyasane mundhak-mundak terus. Jebul kabar iku pancen bener. Per tanggal 1 januari, BBM mudhun 1000 rupiah. Sanajan mung sewu, nanging wis nggawe senenge wong-wong, kalebu pak Naryo. Anehe ana BBM mudhun, bu Naryo malah getun. Ya apa maneh yen dudu merga wedi dhuwit blanjane disuda bojone. Bu Naryo banjur mikir, kepriye carane ngluluhake atine bojone iku.
“pak, wis mangan apa durung? Iki lho tak masakake iwak lele karo sop anget” bu Naryo nyepakake panganan karo mesam-mesem.
“tumben temen bu, ana apa iki? Ana slametan apa kepriye?” pak Naryo ngrasa curiga.
“ora ana apa-apa kok pak, mung pengin ngladeni njenengan wae. Rene lho tak pijeti, mesthi kesel bar sedina nang kantor kan pak?” bu Naryo ngapik-apiki bojone supaya dhuwit blanjane ora di suda. Merga yen di suda bu Naryo ora bisa nukoni emas karo sandhangan maning.
“iya sih kesel. Nanging ibu ora lali ta karo janjine biyen?”
Deg..bu naryo langsung deg-degan krungu kandane bojone. “janji apa lah. Aku ora tau njanjeni apa-apa kok”
“halah, ora usah ngapusi ngono lah. Iki BBM wis mudhun lho bu” pak Naryo nyindhir bojone karo mesam-mesem.
“BBM mudhun ya ben, ora ana urusane karo aku” bu Naryo taksih ethok-ethok ora ngerti.
“yawis-yawis. Nyah, iki dhuwit blanja wulan iki” pak Naryo menehake dhuwit blanjan.
“lha kok mung semene pak?” protese bu naryo.
“Ya iya lah, kan BBM wis mudhun. Ya butuhe uga mesthi sithik. Iya kan bu?” omonge pak Naryo taksih mesam-mesem.
“ya ora bisa ngono ta pak”
“Ya isa wae. Kan ibu dhewe sing ngomong menawa BBM mudhun dhuwit blanjane ulih dikurangi. Iya kan?” Pak Naryo  taksih nyindhir. “aja getun ya bu, hahaha...” Pak naryo malah ngguyu-ngguyu weruh bojone katon getun.
“lah masa gara-gara BBM mudhun, aku dadi korban”  bu naryo ngomong karo mlayu mlebu kamar ora sida mijeti bojone.
            Merga dhuwit blanjane wis disuda pak Naryo, saiki  bu Naryo ora bisa blanja mrana-mrene maneh. Saben dina mung isa nggetuni kahanane. Nalika anak ke lorone lair, saya suwe bu  Naryo saya mareni, wis ora ngrasa getun maneh. Merga bu Naryo wis ngrasakake butuh kanggo ngurusi anak loro. Kanggo keluwargane pak naryo, arep BBM mundhak utawa mudhun mesthi ana paedahe, sanajan abot ing ngarepe.

Jumat, 02 Januari 2015

Pendidikan

 CANGKRIMAN

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan).
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:

Cangkriman Wancahan

Wancah iku tegesé cekak. wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contoné:
  • kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • yumaerong = yuyu omahé ngerong
  • suru bregitu = asu turu di bregi watu
  • pakboletus = tepak kebo lelene satus

Cangkriman Pepindhan

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
  • Sega sekepel dirubung tinggi = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Emboké wuda, anaké tapihan = pring

Cangkriman Blèndèran

Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil

Cangkriman kang kacetak wacanan

Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:

Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)

Kamis, 01 Januari 2015

Pendidikan

 WANGSALAN

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:

  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi

Batangane:

  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan


  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.

Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula

  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.

  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:

Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)

Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .

  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.