Kamis, 25 Desember 2014

Budaya lan Agama

KEBUDAYAAN ISLAM
(SEKATEN)

Agama kaliyan budhaya pancen katah gegayutanipun, ngantos wonten ingkang boten saged dipisahaken. Budaya inggih punika hasil kegiatan kaliyan penciptaan batin (akal budi) menungsa, kados kapitadosan, kesenian, utawi adat istiadat. Islam ugi tansah ngajaraken menungsa supados tansah makarya, ugi ngginakaken pikiranipun ingkang sampun diparingaken dening Gusti kangge ngolah punapa ingkang wonten ing bumi supados nggadahi manfaat kagem menungsa piyambak.
Bentuk
Salah satunggaling  wujud saking kabudayan Islam ingkang wonten ing indonesia inggih punika upacara Sekaten. Ingkang dipun tindakaken wonten ing Yogyakarta ugi Surakarta. Wujud kabudayanipun piyambak wonten 3 werna inggih punika gagasan, aktifitas sosial, ugi benda.  Upacara adat Sekaten  punika wujud kabudayan Islam ingkang wujudipun aktifitas sosial. Tembung Sekaten saking tembung syahadatain inggih punika upacara kangge mengeti miyosipun (ulang taun) Nabi Muhammad SAW ingkang dipunwontenaken saben tanggal 5 wulan  Mulud (bulan Jawa).
Upacara punikadipunwontenaken salami 7 dinten wonten ing alun-alun kraton.  Dinten kapisanan wonten iring-iringan abdi dalem ngasta  2 set gamelan ingkang sinebut Kyai Nogowilogo kaliyan Kyai Gunturmadu (Yogyakarta). Lajeng wonten  upacara Tumplek Wajik inggih punika arupi kotekan utawi  permainan lagu ingkang dipuntindakaken kanthi nabuh kentongan pring utawi lumpang. Lajeng puncakipun upacara Grebeg Mulud ingkang dipuntindakaken tanggal 12. Wonten ing grebeg Mulud, dipun arak Gunungan saking kasil bumi lan jajanan pasar ingkang sampun diparingi donga. Miturut kapitadosan warga mriku, sinten ingkang angsal gunungan wau bakal angsal berkah.
a.      Ancas
Kajawi kangge mengeti dinten miyosipun Nabi Muhammad S.A.W,  upacara sekaten punika ugi kagem nglestantunaken budaya Jawa. Ugi saged narik kawigatosanipun tiyang njawi (turis asing)

Rabu, 24 Desember 2014

Tradhisi

SETTING MITONI
(setting wekdal kaliyan panggenan)
A. Panggenan 
padatanipun panggenan siraman wonten ing kamar mandi utawi sumur, utawi saged wonten ing panggenan khusus  kagem siraman, kados wonten ing wingking utawi pinggir umah. 


B. Wekdal
•antawisipun tabuh  9.00 ngantos tabuh 11.00 Calon ibu siram ugi keramas ngantos resik. punika dados simbol cerminan kepenginan ingkang suci ugi resik.
•antawisipun tabuh 15.00-16.00, upacara tingkeban dipunwiwiti, amargi miturut kapitadosan, tabuh punika widadari sami mandap. saengga langkung sae dipun tindakaken tabuh sapunika.
•nemtokakaen wekdalipun kedah dipuntindakaken tebih-tabih saderengipun 7 sasi. calon ibu kedah nemtokaken dinten ingkang sae miturut petungan Jawa. Miturut petungan jawa dinten-dibten ingkang sae punika nggadahi neptu genep, cacahipun 12 utawi 16.

no
dina
Neptu
no
Pasaran
Neptu
1
Ahad
5
1
Pon
7
2
Senin
4
2
Wage
4
3
Selasa
3
3
Kliwon
8
4
Rabu
7
4
Legi
5
5
Kamis
8
5
Pahing
9
6
Jumat
6
7
Sabtu
9

Selasa, 23 Desember 2014

Pendidikan


WASITA ADI

Wasita adi inggih punika satunggaling pepatah jawa ingkang nggadahi teges bijak, kagem pendidikan utawi piwulang luhur
Tuladha:
Ø  Ajining diri saka ing lathi, Ajining sarira saka busana
Artinya: Kepribadian satunggaling tiyang punika saged ditingali saking kados punapa antuke ngendika. Pramila kita kedah ngatos-atos nalika ngendikan, boten pareng nyinggung tiyang sanes. Kajawi punika tiyang jawi identik kaliyan tuturan ingkang alus, lemah lembut, ingkang saged ndamel diri kita dajeni tiyang sanes. Mekaten ugi ngengingi penempilan fisik. Sinten kemawon ingkang ngagem ageman ingkang sae, pantes, ugi santun bakal langkung diajeni. Ageman ingkang pantes tegesipun boten mesthi awis, nanging ageman ingkang pantes ugi dipunsesuaikaken kaliyan keadaan.
Ø  “Sapanandhur bakal ngundhuh”
Artinya: miturut harfiah tegesipun sinten ingkang nandur, bakal panen.  Tegesipun punapa mawon ingkang kita tindakaken, kita bakal nampi piwalesan. Lan piwalesan punika sami kaliyan punapa ingkang kita tindakaken. Pepatah punika ngajaraken supaya kita tumindak becik, supados angsal piwalesan ingkang becik ugi.

Senin, 22 Desember 2014

Budaya


GUA JATIJAJAR

Gua jatijajar inggih punika salah satunggaling gua ing Dusun Jatijajar, Kecamatan Ayah, Kabupaten Kebumen. Miturut cariyosipun Gua punika ditemokakaen dening tiyang ingkang saweg pados suket, lajeng piyambakipun dawah lan mlebet sawijining bolongan. Nalika dipunpirsani jebul bolongan punika mapan wonten ing nginggil gua. Lajeng tiyang punika nyariosaken punapa ingkang sampun dipuntemokaken dateng masyarakat.
Mireng kabar punika pihak pemerintah inggih punika Bp Suparjo Rustam minangka Gubernur Jawa Tengah wekdal punika, nindakaken pengembangan dateng gua punika. Nalika Gua Jatijajar dipun wangun, Kebumen taksih dipuncepeng dening Bupati Supeno Suryodiprojo. Gua punika dawanipun 250 meter. Ambanae antawisipun 15 meter. Menawi inggilipun rata-rata 10 meter. Konon cariyosipun nalika dipuntemokaken wonten ing ngajeng lawangan kangge mlebet wonten wit jati kalih lan jejeran, mula gua punika dipunwastani gua jatijajar.
Jaman rumiyi gua jatijajar inggih punika papan panggenan semedinipun raden Kamandaka, ingkang angsal wangsit. Lejeng cariyos Raden kamandaka punika dipunwastani Legenda lutung kasarung. Wonten salebeting gua ugi wonten patung-patung ingkang nyariosaken kisahipun lutung kasarung.  Sanesipun patung wonten ugi sendang ingkang cacahipun pitu ingkang dipunprecaya nggadhahi khasiat. Nanging ingkang langkung misuwur inggih punika sendang mawar ingkang nggadahi khasiat sinten kemawon ingkang raup ngangge toya punika bakale awet enom ugi sendang kanthil kasiatipun menawi raup ngagem toya saking sendang kanthil punapa ingkang dados kekarepanipun bakal kalampahan.
Ing salebeting gua katah stalaktit kaliyan stalakmit ingkang nambahi indahing gua punika. Umur Watu-watu ingkang wonten ing gua punika sampun tua sanget, pramila wonten ing ngajeng dipun damel patung kewan purba inggih punika patung dinosaurus. Sedaya kaindahan wau kedah dipun lestantunaken, amargi gua punika inggih punika ciptaanipun gusti ingkang maha agung.





Minggu, 21 Desember 2014

Tradhisi

SEDEKAH LAUT
                        (desa Rowo, kecamatan mirit, kab kebumen)

Saben taun, wonten ing Desa Rowo, Kecamatan Mirit, Kabupaten Kebumen dipunwontenaken budaya utawi tradhisi Sedekah laut, inggih punika saben dinten Selasa utawi Jumuwah kliwon ing minggu kapisanan wulan Sura.  Sedekah Laut wonten ing desa mriki awujud larungan, inggih punika nglarung maneka warna uba rampe wonten ing laut kidul.
Saderengipun adicara Larungan,  warga desa, tokoh masyarakat,  tuwin pejabat desa Rowo ngarak omah sesajen ingkang dipun wastani Jolen. Jolen punika dipun arak saking dalemipun kepala dhusun, dugi kali Wawar. Saksampunikpun dugi kali Wawar, dipun arak malih ngagem prahu cacahipun tigang dasa, ngantos segara kidul, ingkang tebihipun antawis tigang km.  Prahu  ingkang kagem ngarak dipun hias warna-warni ngagem umbul, ugi bendera-bendera alit, ingkang dipun iringi musik tradisional ingkang nambah rame suwasana. Saduginipun ing segara, sesepuh nelayan wonten ing mriku lajeng nindakaken upacara mbakar menyan ugi maos donga, sarta muwur kembang wonten ing segara. Lajeng sesajen ingkang sampun dipun arak wau dipun larung wonten ing segara. Sesajen utawi uba rampe wau arupi: endhas wedhus ingkang dibunthel gombal pethak, jajanan pasar, kembang setaman, tumpeng, pitung maneka warna gedang, pitung maneka warna woh-wohan, ageman sakpangadeg, ugi piranti kecantikan tiyang estri. Masyarakat pitados menawi sedaya wau kagem panguwasa lau kidul, pramila ingkang dipun larung sedaya keremenanipun Ratu kidul, inggih punika Nyi Roro Kidul.

            Saksampunipun adicara Larungan, adicara sanesipun inggih punika kenduren, ugi donga sesarengan. Ingkang unik woten ing mriki, saksampunipun adicara kenduren wonten hiburan organ unggal. Lajeng ndalune wonten pagelaran wayang kulit. Sedinten saderengipun larungan ugi sampun dipunwontenaken kesenian tayub.

            Sedaya wau dipun tindakaken kagem mujudaken raos syukur para nelayan, awit saking sedaya berkah ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Ingkang maha agung. Sedekah laut punika ugi kagem nyuwu kasugengan nalika mados iwak ing segara, ugi supados angsal iwak ingkang katah. Wontenipun adicara punika ugi saged dados aset budaya ingkang dipun gadahi kabupaten kebumen, ingkang saged narik kawigatosanipun para turis manca.