Sabtu, 29 November 2014

Sastra Pewayangan

WAYANG BEBER



Karan wayang beber amarga ngrupa lembaran-lembaran (beberan) sing kegawe saka bebed utawa lulang sapi sing dibentuk dadi tokoh-tokoh jero cerito wayang, becik Mahabharata arepa Ramayana.Tiap beberan ngrupakne siji adegan cerita.jika wis ora didolanke, wayang bisa digulung.Wayang iki digawe nang zaman majapahit. 
Wayang beber yaiku seni sing mucul lan berkembang neng Jawa nang masapra-islam lan isih berkembang neng daerah-daerah tertentu neng PulauJawa.Wayang iki wis dimodifikasi saka sunan kalijaga dadi wayang lulang karo bentuk-bentuk sing bersifat ornamentik amarga jero wulangan agama islam ngaharamake wujud gambar makhluk urip arepa patung. 
Wayang pakoleh modifikasi iki sing digunakne para wali kanggo nyebarke agama islam.Wayang beber asli saprene isih bisa didelok neng daerahPacitan, Donorejo.

Selasa, 25 November 2014

Sastra Lisan

10 UNEN-UNEN BAHASA JAWA BESERTA ARTINYA

1.      Ana dhaulate ora ana begjane
Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida

2.      Aji godhong garing
Wis ora ana ajine babar pisan
                                                     
3.      Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang
Oleh cilaka kang ora dinyana-nyana

4.      Sepi ing pamrih rame ing gawe
Seneng tumindak bekik marang wong liya tanpa ngarep-ngarep piwales

5.      Njajah ndesa milang kori
Wong sing seneng lelungan lan nyawangi akeh papan panggonan

6.      Gajah alingan suket teki
Lair lan batin ora padha, mesti bakal ketara

7.      Cedhak kebo gupak
Pawongan kudu bisa wicaksana anggone kekancan

8.      Dom sumuruping banyu
Laku samar utawa meneng-meneng

9.      Lanang kemangi
Wong lanang kang jirih utawa wedhian

10.  Kebo kaboten sungu
Rekasa merga kakehen anak

Tradisi

NGUNDHUH SUSUH MANUK WALET
(Desa Karangbolong Kecamatan Ayah, Kebumen

Ngundhuh susuh manuk walet inggih punika salah satunggaling tradisi ingkang dipun lestantunaken dening masyarakat desa Karangbolong dumugi sapunika. Upacara tradisi punika ngandhut maneka warna pranata sosial ingkang saged dipun tliti. Amargi tradisi punika kagolong tradisi ingkang taksih kenthel aturan. Supados saged ngundhuh susuh manuk kanthi slamet ugi angsal kasil ingkang kathah, miturut kapitadosan warga Karangbolong kedah wonten upacara-upacara ingkang kedah dipun lampahi. Miturut  tokoh masarakat wonten mriku, tradisi punika sampun wonten wiwit abad pitulas, nalikia jaman kerajaan Mataram,  pramila masyarakat boten purun nglanggar tata cara ingkang wonten ing tradisi punika. Tradisi ingkang wonten ing daerah pinggir segara kidul pancen kathah gegayutanipun kaliyan panguwasa segara kidul, inggih punika Nyi Roro Kidul. Mekaten ugi kaliyan tradisi ngundhuh susuh manuk walet punika, amargi gua ingkang manggene wonten ing pinggir segara punika dipun jagi dening Nyi Roro Kidul.
Saderengipun ngundhuh, kedah wonten syarat ingkang kedah dipun lampahi. Upacara punika dipunwiwiti kanthi nanggap wayang salami setunggal dalu, ingkang manggen wonten ing daerah pesisiran. Sedaya acara ing tradisi punika ugi kedah wonten sesajenipun, kagem ngurmati para leluhur ingkang sampun mjagi desa karangbolong. Wonten ing mriki sedaya masyarakat ingkang manggen wonten ing sakiwa tengenipun gua kedah nderek mirsani ugi ngramekaken, kagem ngurmati ingkang sampun nyawisaken adicara punika. Adicara salajengipun inggih punika mimiti. Sanadyan kahananipun saweg boten ndukung, nanging mimiti utawi miwiti kedah dipun lampahi, amargi mimiti punika salah satunggaling syarat ingkang kedah dipun lampahi. Saksampunipun mimiti inggih punika nyawisaken sedaya ubarampe ingkang dipun prelukaken, ingkang dipun glethakaken wonten ing srumbung. Srumbung punika kagem musataken sedaya keperluan ingkang mapanipun wonten ing lebet gua, antawisipun 20 meter saking lawang gua. Tigang syarat wau dipun lampahi salami tigang dinten. Sedaya syarat wau kagem nyuwun ijin dateng Nyi Roro Kidul.
Saksampunipun syarat dipun lampahi susuh manuk walet saged dipun undhuh, dening sinten kemawon ingkang purun ugi wantun ngundhuh. Sanadyan sinten kemawon pareng ngundhuh, nanging boten sedaya tiyang purun,  amargi panggenan susuh ingkang wonten ing tembok gua, sanget mbebayani nyawa para pangundhuh. Saking sedaya tata-cara punika saged dipun tliti kagunanipun upacara ngundhuh sarang  manuk walet, kadasta: saged nuwuhaken rasa kaluargan, amargi masyarakat utaminipun keluarga saking tiyang ingkang badhe ngundhuh kedah purun nderek partisipasi. Menawi boten purun nderek partisipasi dipun anggep boten purun ngurmati.  


Senin, 24 November 2014

Bahasa

 Perilaku Sintaksis Adverbia

            Perilaku sintaksis adverbia dapat diketahui berdasarkan posisinya terhadap satuan bahasa yang diberi keterangan oleh adverbia yang bersangkutan. Atas dasar itu, adverbia dapat di bedakan menjadi 3 macam, yaitu :
1.      Adverbia letak kiri
a.       Laut kuwi, banyuné semu biru
‘Laut itu, airnya agak biru’
b.      Bocah mau rada kesèd
‘Anak itu agak malas’
2.      Adverbia letak kanan
a.       Konglomerat kuwi urip mubra-mubru
‘Konglomerat itu hidup mewah’
b.      Kembang kuwi wangi banget
‘Bunga itu sangat harum’
3.      Adverbia letak kiri-kanan
a.       Pelem iki wis tua banget
‘Mangga ini sudah terlalu masak’
b.      Aku arep adus dhisik
‘Saya akan mandi dulu’
8.4 Perilaku Semantis Adverbia      
            Berdasar semantisnya, adverbia dapat dibedakan menjadi tigabelas jenis, yaitu :
1.      Adverbia Keakanan
Adverbia keakanan menyatakan makna ‘suatu perbuatan atau peristiwa akan segera berlangsung’. Yang termasuk adverbia ini yaitu :
a.       Pameréntah janji arep mènèhi bantuan kanggo kadang tani
‘Pemerintah berjanji akan memberi bantuan bagi para petani’
b.      Dita mèh olèh gawéyan ing wektu iku
‘Dita hampir memperoleh pekerjaan di waktu itu’
c.       Sadhéla engkas srengéngé bakal angslup ing pèrèng Wukir Pitu
‘Sebentar lagi matahari akan terbenam dilereng Wukir Pitu’
2.      Adverbia Kebermulaan
Adverbia kebermulaan atau inkoatif menyatakan makna ‘suatu perbuatan atau peristiwa mulai berlangsung’. Contoh :
a.       Dina kuwi Mas Pri wiwit mulang
‘Hari itu Mas Pri mulai mengajar’
b.      Lestari lekas ngladèni Jarot mangan
‘Lestari mulai melayani Jarot makan’
3.      Adverbia Keberlangsungan
Adverbia keberlangsungan atau adverbia duratif adalah adverbia yang menyatakan makna ‘suatu perbuatan atau peristiwa sedang atau masih berlangsung’
a.       Ni Luh lagi ngalamun wektu semana
‘Ni Luh sedang melamun di waktu itu’
b.      Yani saweg sinau ing perpustakaan
‘Yani sedang belajar di perpustakaan’
c.       Maling mau pinuju ngongkèl-ngongkèl jendhéla nalika aku ngonangi
‘Pencuri itu sedang mendongkel-dongkel jendela ketika aku memergokinya’
4.      Adverbia Keusaian
Adverbia keusaian atau adverbia perfektif menyatakan makna ‘suatu perbuatan atau peristiwa telah selesai’.
a.       Tumpeng kuwi uwis dibiji déning panitya lomba
‘Tumpeng itu sudah dinilai oleh panitia lomba’
b.      Wong sekantor ngerti menawa Pak Kisma mentas didukani bosé
‘Orang sekantor tahu bahwa Pak Kisma baru saja dimarahi bos’
c.       Bubar ngancingi lawang dumadakan krungu swara, “Kula nuwun”
‘Selesai acara pintu tiba-tiba terdengar suara, “Permisi.”
d.      Rampung tata-tata Watik ngampiri kancané
‘Selesai berbenah Watik menjemput temannya’
5.      Adverbia Keberulangan
Adverbia keberulangan atau adverbia frekuentatif adalah adverbia yang mengungkapkan makna yang berhubungan dengan tingkat keseringa terjadinya suatu perbuatan atau peristiwa.
a.       Bola-bali Narto mung bisa nggetuni nasibé
‘Berulang-ulang Narto hanya dapat menyesali nasibnya’
b.      Wong kuwi kerep liwat ngarep kos-kosané Ayu
‘Orang itu sering lewat didepan tempat kso Ayu’
c.       Sanajan kulina utang, bocah mau durung tau ngemplang
‘Meskipun biasa menghutang, anak itu belum pernah tidak melunasi’                            
d.      Kedadéyan kaya mangkono wus biasa dialami déning Eti
‘Kejadian seperti itu sudah berulang kali dialami oleh Eti’
6.      Adverbia Keniscayaan
Adverbia keniscayaan adalah adverbia yang menyatakan makna yang berkaitan dengan kepastian terjadinya suatu perbuatan atau peristiwa.
a.       Parjan dhéwé genah ora wani blaka nyritakaké sapa sing nyolong ali-aliné bendara putri
‘Parjan sendiri jelas tidak berani berterus terang menceritakan siapa yang mencuri cincin majikan putri’
b.      Ing wayah ngéné iki, Pak Krama mesthi isih ana ing sawah
‘Pada waktu seperti ini, Pak Krama pasti masih berada disawahnya’
c.       Ditilik saka lakuné, Bima cetha mentas mabuk-mabukan
‘Dilihat dari jalannya, Bima jelas baru saja mabuk-mabukan’
d.      Kabèh mau temtu gumantung marang kasunyatan sing sabeneré
‘Semua itu tentu bergantung pada kenyataan yang sebenarnya’
7.      Adverbia Kemungkinan
Adalah adverbia yang mengungkapkan makna yang berkaitan dengan perbuatan atau peristiwa yang mungkin terjadi.
a.       Dhèwèké mbokmenawa wis budhal menyang Jakarta
‘Dia mungkin sudah berangkat ke Jakarta’
b.      Wong wadon mau kaya-kaya arep marani Budi lan Bèni
‘Perempuan itu sepertinya akan mendatangi Budi dan Beni’
c.       Pak Bardi kuwatir gèk-gèk anaké ngalami apa-apa
‘Pak Bardi khawatir jangan-jangan anaknya mengalami sesuatu hal’
d.      Bengi iki sajaké arep udan
‘Malam ini agaknya akan hujan’
8.      Adverbia Keharusan
Adalah adverbia yang mengungkapkan makna yang berkaitan dengan perbuatan atau peristiwa yang harus terjadi.
a.       “Riyaya iki aku kudu mulih,” panggagasé Priyanto.
‘”Lebaran ini aku harus pulang,” pikir Priyanto.’
b.      Kamangka, aku mesthi ngliwati papan angker kuwi
‘Padahal, aku harus melewati tempat yang menakutkan itu.’
c.       Kabèh warga perlu duwé KTP
‘Semua warga perlu memiliki KTP’
9.      Adverbia Keizinan
Adalah adverbia yang mengungkapkan makna yang berkaitan dengan perbuatan atau peristiwa yang boleh terjadi.
a.       Dina kuwi Ayu olèh mulih dhisik
‘Hari itu Ayu boleh pulang dahulu’
b.      Pranyata ora saben uwong éntuk nemoni Xanana
‘Ternayata tidak setiap orang boleh menemui Xanana’
c.       Sawisé dirawat setengah sasi, Bu Candra lagi éntuk kondur
‘Sesudah dirawat setengah bulan, Bu Candra baru boleh pulang’
10.  Adverbia Kecaraan
Adalah adverbia yang menyatakan makna yang berkaitan dengan bagaimana perbuatan atau peristiwa berlangsung atau terjadi.
a.       Wong-wong mau banjur bubar dhéwé-dhéwé
‘Orang-orang itu lalu bubar sendiri-sendiri’
b.      Sidane aku budhal dhèwèkan sanajan ana rasa ora kepénak
‘Akhirnya saya berangkat sendirian meskipun ada rasa tidak enak’
c.       Bima mulih kanthi sempoyongan
‘Bima pulang dengan sempoyongan’
d.      Sing diundang pada mangkat bebarengan
‘Yang diundang berangkat bersama-sama’
e.       Saiki akèh bocah enom sing seneng tumindak édan-édanan
‘Sekarang banyak anak muda yang suak betindak gila-gilaan’
f.       Sura Jati tangi  mak jenggirat
‘Sura Jati bangun secara tiba-tiba’
g.      Embuh kepiyé mau-mauné, wong-wong kanthi panganggo sarwa ireng pada metu pating jredhul
‘Entah bagaimana mula-mulanya, orang-orang dengan pakaian serba hitam bermunculan secara bersamaan’
11.  Adverbia kualitatif
Adalah adverbia yang menyatakan makna yang berkaitan dnegan tingkat, derajat, tau mutu.
a.       Cara mau mujudaké cara sing paling apik
‘Cara itu merupakan cara yang paling baik’
b.      Biji matématikané Andi apik dhéwé
‘Nilai matematika Andi paling bagus’
c.       Bocah kuwi pinter banget
‘Anak itu sangat pandai’
12.  Adverbia Kuantitatif
Adalah adverbia yang menyatakan makna yang berkaitan dengan jumlah.
a.       Bapak mundhut buku akèh banget
‘Bapak membeli buku banyak sekali’
b.      Bibi mundhut bawang sethithik
‘Bibi membeli bawang putih sedikit’
13.  Adverbia Limitatif
Adalah adverbia yang menyatakan makna yang berkaitan dnegan pembatasan.
a.       Ing papan mau sing bisa urip mung wit kaktus
‘Di tempat itu yang bisa tumbuh hanya pohon kaktus’
b.      Gajiné cukup kanggo mangan seminggu thok

‘Gajinya cukup untuk makan satu minggu saja’

Sastra lisan

ASAL – USULE DESA GADUNGREJO

Jaman mbiyen enten 3 pertapa ingkang ngembara ngliwati kali, ngangge rakit.Tigo pertapa meniko sedoyo kecanthel wonten ing kali ingkang wonten tengah – tengahipun wana ingkang isinipun wit gadung kang rungkut sanget.Pertapa ingkang sepisan kecanthel wonten ing daerah ingkang seniki dipun paringi asma dukuh Tedunan, pertapa meniko asmanipun mbah Tedun,  kaping kalih kecantel wonten ing dukuh ingkang asmanipun seniki dukuh Gadungan, asmanipun pertapa menika mbah Gadung, lajeng pertapa ingkang ketiga kecantel wonten dukuh ingkang seniki asmanipun dukuh Jalasida, pertapa menika asmanipun mbah Jalad.Sak sampunipun pinten- pinten dinten mboten pitepangan, ketigo pertapa meniko pitepangan wonten tengah – tengahipun wana gadung meniko.Sedoyo pertapa meniko anggadahi niat ingkang sae sanget inggih meniko mbabat sedoyo wana gadung meniko kangge dipun panggeni. Sak sampunipun lebar mbabat wana meniko ketigo pertapa ngocap “ yen ana rejoning jaman panggenan meniko bade dipun paringi asma GADUNGREJO. Gadungrejo meniko anggadahi makna gadung = pait lan saged damel mabok, rejo = mulya.Pait meniko maksude naliko mbabat wana ingkang isinipun kebak kaliyan wit gadung damel raos susah utawa pait lajeng maknanipun rejo inggih meniko mulya maksude mulya inggih menika nalika mpun dados dusun saged damel dusun meniko dusun ingkang subur,makmur lan mulya.
Sedoyo pertapa meniko nganakake syukuran kangge nyelameti panggenan ingkang sampun bar dipun babadi dados panggenan ingkang seniki dipun paringi asma Dusun Gadungrejo.Syukuran meniko panggenanipun wonten daerah ingkang seniki asmanipun dukuh gadungan.Ketigo pertapan meniko anggadahi kesenengan panganan benten – benten, sepisan mbah Tedun remen kaliyan jangan gethik utawa sanggiring.Masakan meniko asalipun saking pithik ingkang di jangan manis,pedes lan dipun paringi santen, lajeng panganan ingkang dipun remeni mbah gadung inggih meniko kluban ingkang dipun tambahi tetel utawi asma lintune inggih meniko juwadah utawa jadah,saklajengipun panganan ingkang ipun remeni mbah jalad inggih menika iwak kali ingkang dipun bakar.Sedoyo pertapan meniko kempal wonten panggenan lajeng mbeto panganan ingkang dipun remeni piyambak – piyambak, panganan meniko dipun paringke wonten tengah- tengah lajeng ngocap sareng – sareng “Nalika ana rejoning jaman panggenan meniko dipun paringi asma Gadungrejo “ ingkang nggadahi makna walaupun didamel kanti raos ingkang pait lan susah nanging kita sedoyo ngarepake dusun meniko dados dusun ingkang subur,makmur lan mulya.Resmine panggenan meniko dipun tandai kaliyan unen – unen “ dreeeng.... dreenggg...”
Setunggal kalih taun sampun kelewat, dusun meniko ugi sampun tambah rame kaliyan tiyang – tiyang ingkang sami mukim wonten daerah meniko.Sahingga wonten tiyang ingkang anggadahi niat ngrubah kali ingkang aslinipun mbentang saking ler dumugi kidul dipun rumab arah saking wetan dumugi kilen.Sak dangune penggalian kali meniko wonten randa ayu sanget ingkang setian nunggoni pendamelan kali meniko.Sahinggo kali meniko dipun paringi asma “ Kali Randa “.Nanging wonten penunggu kali ingkang asli waune mboten trima amargi kaline dipun rombak,penunggu meniko naminipun pelus,sak meniko pelus ngamuk lan mangani bayi - bayi ingkang wonten sekitar kali meniko,lajeng bermuara wonten kedung.Sahinggu dugi seniki kedung meniko mboten nate kesaten banyu walaupun saweg musim ketiga.