Senin, 24 November 2014

Sastra lisan

ASAL – USULE DESA GADUNGREJO

Jaman mbiyen enten 3 pertapa ingkang ngembara ngliwati kali, ngangge rakit.Tigo pertapa meniko sedoyo kecanthel wonten ing kali ingkang wonten tengah – tengahipun wana ingkang isinipun wit gadung kang rungkut sanget.Pertapa ingkang sepisan kecanthel wonten ing daerah ingkang seniki dipun paringi asma dukuh Tedunan, pertapa meniko asmanipun mbah Tedun,  kaping kalih kecantel wonten ing dukuh ingkang asmanipun seniki dukuh Gadungan, asmanipun pertapa menika mbah Gadung, lajeng pertapa ingkang ketiga kecantel wonten dukuh ingkang seniki asmanipun dukuh Jalasida, pertapa menika asmanipun mbah Jalad.Sak sampunipun pinten- pinten dinten mboten pitepangan, ketigo pertapa meniko pitepangan wonten tengah – tengahipun wana gadung meniko.Sedoyo pertapa meniko anggadahi niat ingkang sae sanget inggih meniko mbabat sedoyo wana gadung meniko kangge dipun panggeni. Sak sampunipun lebar mbabat wana meniko ketigo pertapa ngocap “ yen ana rejoning jaman panggenan meniko bade dipun paringi asma GADUNGREJO. Gadungrejo meniko anggadahi makna gadung = pait lan saged damel mabok, rejo = mulya.Pait meniko maksude naliko mbabat wana ingkang isinipun kebak kaliyan wit gadung damel raos susah utawa pait lajeng maknanipun rejo inggih meniko mulya maksude mulya inggih menika nalika mpun dados dusun saged damel dusun meniko dusun ingkang subur,makmur lan mulya.
Sedoyo pertapa meniko nganakake syukuran kangge nyelameti panggenan ingkang sampun bar dipun babadi dados panggenan ingkang seniki dipun paringi asma Dusun Gadungrejo.Syukuran meniko panggenanipun wonten daerah ingkang seniki asmanipun dukuh gadungan.Ketigo pertapan meniko anggadahi kesenengan panganan benten – benten, sepisan mbah Tedun remen kaliyan jangan gethik utawa sanggiring.Masakan meniko asalipun saking pithik ingkang di jangan manis,pedes lan dipun paringi santen, lajeng panganan ingkang dipun remeni mbah gadung inggih meniko kluban ingkang dipun tambahi tetel utawi asma lintune inggih meniko juwadah utawa jadah,saklajengipun panganan ingkang ipun remeni mbah jalad inggih menika iwak kali ingkang dipun bakar.Sedoyo pertapan meniko kempal wonten panggenan lajeng mbeto panganan ingkang dipun remeni piyambak – piyambak, panganan meniko dipun paringke wonten tengah- tengah lajeng ngocap sareng – sareng “Nalika ana rejoning jaman panggenan meniko dipun paringi asma Gadungrejo “ ingkang nggadahi makna walaupun didamel kanti raos ingkang pait lan susah nanging kita sedoyo ngarepake dusun meniko dados dusun ingkang subur,makmur lan mulya.Resmine panggenan meniko dipun tandai kaliyan unen – unen “ dreeeng.... dreenggg...”
Setunggal kalih taun sampun kelewat, dusun meniko ugi sampun tambah rame kaliyan tiyang – tiyang ingkang sami mukim wonten daerah meniko.Sahingga wonten tiyang ingkang anggadahi niat ngrubah kali ingkang aslinipun mbentang saking ler dumugi kidul dipun rumab arah saking wetan dumugi kilen.Sak dangune penggalian kali meniko wonten randa ayu sanget ingkang setian nunggoni pendamelan kali meniko.Sahinggo kali meniko dipun paringi asma “ Kali Randa “.Nanging wonten penunggu kali ingkang asli waune mboten trima amargi kaline dipun rombak,penunggu meniko naminipun pelus,sak meniko pelus ngamuk lan mangani bayi - bayi ingkang wonten sekitar kali meniko,lajeng bermuara wonten kedung.Sahinggu dugi seniki kedung meniko mboten nate kesaten banyu walaupun saweg musim ketiga.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar