Sabtu, 10 Januari 2015

Sesorah

 SESORAH MENGETI DINTEN KARTINI
(MINANGKA KETUA PANITIA)

Dhumateng camat Gunung Pati, inggih punika bapak....ingkang dahat kinurmatan,

Dhumatang Lurah Sekaran, bapak.....ingkang satuhu kinurmatan,
Boten kesupen dhumateng para rawuh, Ibu-ibu, sedherek remaja putri ingkang satuhu kinurmatan.
            Saderengipun, mangga kita ngaturaken raos sukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit sih nugraha ingkang sampun kaparengaken dhumateng kita sedaya, katitik wonten ng enjing punika, kita sedaya saged makempal wonten ing papan palenggahan punika kanthi kasarasan, karaharjan, boten kirang satunggal punapa.
            Salajengipiun tepangaken, kula Dwi Asih Setiio Utami, minangka ketua panitia panyelenggara, ngaturaken gunging panuwun dhumateng panjenengan sami, ingkang sampun nglonggaraken wekdal, kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya. Boten kesupen kula ngaturaken panuwun dhumateng pihak-pihak ingkang sampun nyengkuyung wontenipun adicara punika. Pak lurah, maturnuwun sampun nyawisaken papan palenggahan wonten ing bale dhusun punika. Maturnuwun ugi kanca-kanca kula, para kadang panitia, ingkang sampun sareng-sareng nyiapaken adicara punika kanthi sae, saengga warga masyarakat sekaran mriki saged ngraosaken bungah.
            Para rawuh ingkang minulya, dinten punika tanggal 21 april 2014. Kados ingkang kita mangertosi, bilih  R.A Kartini punika miyos tanggal 21 april 1879, wonten ing jepara. Pramila dinten punika kita ginakaken kagem mengeti  dinten miyosipun R.A Kartini ingkang sampun njunjung inggil drajadipun wanita Indonesia ngantos sami kaliyan drajadipun kaum priya. Wontenipun adicara punika ugi saged dados sarana introspeksi  diri kagem panjenengan sami, punapa kita sampun dados wanita ingkang sae, ingkang migunani. Sampun punapa dereng? Nggih punika gumantung panjenengan piyambak-piyambak, Kula kaliyan kanca-kanca namung saged maringi fasilitas arupi ngawontenaken adicara kagem mengeti  dinten kartini punika. Ancas dipunwontwnwkenipun adicara punika supados  saged nyambung tali silaturahmi, kagem nambah raketing memitran. Pramila ingkang kula suwun, ginakaken wekdal punika kanthi sae, amargi adicara punika namung wonten kaping setunggal saben setaun.
            Para hadirin, kula kinten cekap semanten atur kula. Boten kantun kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami nyengkuyung wontenipun pengetan punika. Mugia sedaya wau angsal piwales ingkang samurwat saking Gusti Allah SWT. Ugi nalika ngawontenaken adicara punika wonten kekiranganipun, kula kaliyan kanca panitia nyuwun pangapunten.
            Kaping setunggal malih maturnuwun, menawi katah klinta-klintuning atur, subasitha ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
            Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Jumat, 09 Januari 2015

Pendidikan

Tembung Rangkep (kata ulang)

Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakaehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku :

1.  Tembung dwilingga
     a.  Dwilingga padha swara
  • Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.

     b.  Dwilingga salin swara
  • Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.


     c.  Dwilingga semu
  • Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.

2.   Tembung dwipurwa
      Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
  • Lara        = lelara
  • Guyu       = geguyu
  • Tuku       = tetuku
  • Laku       = lelaku

3.   Tembung dwiwasana
      Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
  • Benyik = benyinyik
  • Cuwo  = cuwowo
  • Pethet  = pethethet
  • Penyo  = penyonyo

Kamis, 08 Januari 2015

Pendidikan

ARANE WILANGAN ING BASA KAWI

1 : eka
2 : dwi
3 : tri
4 : catur
5 : panca
6 : sad
7 : sapta
8 : hastha
9 : nawa
10 : dasa
100 : satus
1.000 : sastra
10.000 : saleksa
100.000 : sakethi
1.000.000 : sayuta

Rabu, 07 Januari 2015

Budaya

TEMBANG DOLANAN

SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.

Ilir-Ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!

Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré

Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher

Senin, 05 Januari 2015

Pendidikan

PUSAKA, SENJATA, LAN AJI-AJI

Kasekten kang ngedab-edabi para ratu lan satriya mau jalaran saka gentur tapane nggennya ngupadi kasekten iku mau. Sawantaha pancen ana kang saka lorotan bapa utawa eyange, ana maneh kang pancen saka ngapusi kayata Dasamuka kang apuskrama marang Resi Subali. Akeh2e saka asihing dewa jalaran gede lelabuhane marang dewa utawa sasama.
Anoman: kuku pancanakaaji-aji pancasona, bayu bajra, bayu ronta, sima bobot
Antareja: upas anta ambles bumi, sekali jilat gosong (saka eyange Anantaboga)
Arjuna: panah pasopati, sarotama, ardhadhedhali, ardhasengkali, keris pulanggeni, kalanadhah, aji-aji sepiangin, malayabumi, brahmasirah (membuat alam menjadi terang), parjanya astra (menggelapkan cuaca), agni sastra (kobaran api)
Aswatama: senjata cundhamanik
Baladewa: gada nanggala lan alugara
Batara Kala: keris kalanadah, keris kaladeteh
Batara Kamajaya: kemayan cakrakembang
Batara Surya: kereta Jatisurya
Bhisma: tameng wesi
Dasamuka: senjata candrasa, pedhang sokayana, aji-aji pancasona, rawarontek, gunturgeni
Destarata: aji kumbalageni
Durna: cundo manik
Gathutkaca: caping basunandha, kotang antakusuma. aji-aji brajamusti, panca bajra, krincing wesi, bajingiring, garuda ngapak, narantaka (saka Gandamana), trumpah madukacermo
Indrajit: senjata nagapasa lan wimohanastra, aji sirep Megananda
Jayadrata: gada rujakbeling
Karna: keris kaladite, panah kunta wijayandanu, aji-aji kalalupa, balasrewu
Kresna: senjata cakrabaswara, kembang wijayakusuma, cangkok wijayamulya
Kumbakarna: aji-aji gedhongmenga, pelakgelak sakethi
Puntadewa: jamus kalimasada, songsong tunggulnaga namanya tombak korowelang tp ad yang bilang klo pusaka itu pusaka indraprasta/ amarta (dalam lakon semar mbangun kayangan ke 3 pusaka tersebut terbang menuju ke karang kabolotan bersama senjata cakrabaswara nya sri bathara kresna
Ramawijaya: panah gunawijaya
Rama Bergawa: kapak duwung
Salya: aji-aji candhabirawa
Setyaki/ sencaki = Gada wesi kuning
Sosrowindu = kemlandingan putih
Subali: aji-aji pancasona, rawarontek
Werkudara: gada rujakpolo, lukitasari, kuku pancanaka, bandung bandawasa, gada lambitamuka, ungkal bener, blabag pengantol-antol, bayu braja, jalasengara, cincin manikam druindra, air suci tirta parwita

Minggu, 04 Januari 2015

Analisis cerkak


ANALISIS MORFOLOGIS KATA NON MURNI
MITURUT CERKAK "BBM MUNDHAK BAPAK KEPLARAK, 
BBM MUDHUN IBU GETUN"

A.    Nomina
1.      Nomina de verbal (kt benda dari kt kerja)
a.       panggaweane       pa N+ gawe + ane       pa N+L+ane
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
b.      blanjane                  blanja+e                     L+e
“Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane kurang”
c.       pedagang                pe+dagang               pe+L
“para pedagang wis ngantisipasi kanthi ngundakake rega’
d.      masakane                 masak+ane             L+ane
“Bu, endi iki masakane?”
e.       beceran                    becer+an                 L+an
Masa dhuwit rong yuta mung kanggo tuku beceran tok ngono kok kurang?”
2.      Nomina de adjektival
a.       kebutuhan              ka+butuh+an            ka+L+an
Saben gajian, bojone mesthi diwenehi dhuwit blanja kanggo tuku janganan lan kebutuhan liya-liyane”
b.      luwihan                 luwih+an                   L+an
sing luwihan wingi ya esih kan?”
3.      Nomina de numeralia
a.       Sijine                      Siji+e                    L+e
“Kabeh mau merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo”

B.     Verba
1.      Verba de nominal
a.       Ngabdi                              N+abdi                  N+L
“Pak Sunaryo wis 11 taun ngabdi dadi perangkat desa ana ing desa Lemahduwur”
b.      nglayani                N+layan+i              N+L+i
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
c.       dijenengi              di+jeneng+i           di+L+i
“Saking senenge marang kewan jago mau, anake nganthi dijenengi Jalu”
d.      nyandhang             N+sandhang         N+L
“Wong wadon ya kudune nyandhang”
e.       mangan                   N+pangan                          N+L
“Apa ya ora mangan dhuwit jago iku?”
f.       ngasilake               N+kasil+ake            N+L+ake
“Loh aja salah, justru iki sing bisa ngasilake dhuwit lho bu”
g.      disuda                     di+suda                 di+L
“rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh”
h.      njajanake                N+jajan+ake         N+L+ake
“Dhuwit saka bojone sering dienggo njajanake kanca-kancane”
i.        mikir                        N+pikir                    N+L
“Bu Naryo banjur mikir”
2.      Verba de adjektival
a.       ngurusi                N+urus+i                 N+L+i
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
b.      dikeluhake           di+keluh+ake          di+L+ake
“Awan bengi panggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane”
c.       nggrundhel           N+grundhel            N+L
“Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane kurang”
d.      ngeyel                  N+eyel                      N+L
bu Naryo ngeyel
e.       dikurangi              di+kurang+i             di+L+i
“Pokoke emoh yen dikurangi”
f.       mareni                  mari+i                       L+i
Nanging ya tetep ora mareni.”
g.      kondhangan            kondhang+an          L+an
“mangkat kondangan minggu ngarepe”
h.      dikuwatirake               di+kuwatir+ake        di+L+ake
“Jalu ora usah dikuwatirake”
i.        ngurangi                     N+kurang+i                N+ L+i

j.        ngentekake                 N+entek+ake          N+L+ake
“bu Naryo tetep ora bisa ngendhegake pakulinane olehe ngentekake dhuwit”
k.      ngagetake                   N+kaget+ake          N+L+ake
Kabar iku ngagetake wong-wong”
l.        Disuda                        di+suda                    di+L
“dhuwit blanjane disuda bojone”

C.     Adjektiva
1.      Adjektiva de nominal
a.       kerase                    keras+e                  L+e
“Kabeh mau merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo”

2.      Adjektiva de verbal
a.       nrimanan             N+trima+an             N+L+an
“Sanajan wis gedhe banget pengorbanane pak Naryo, nanging bu Naryo tetep ora nrimanan wae”

D.    Adverbia keterangan
1.      Adverbia de verbal
a.       kalebune                   ka+lebu+ne            ka+L+ne
“Kabupaten Kebumen kalebune daerah sing wis makmur”
b.      tinimbang                -in-+timbang             -in-+L
Tinimbang kanggo tuku udud utawa kanggo tuku panganan nang warung”
2.      Adverbia de numeralia
a.       Siji-sijine                  siji-siji+ne           DP+ne
Anak siji-sijine sing umure tembe 10 taun”
b.      sawijinig                 sawiji+ing             L+ing
“Sawijining dina”
c.       lorone                    loro+ne                  L+ne
“Nalika anak ke lorone lair”
3.      Adverbia de adjektiva
a.       Sakakeh-akehe            sa+akeh-akeh+e          sa+DL+e
rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh”
b.      saksuwene                   sa+suwe+ne             sa+L+ne
“Nanging saksuwene BBM ora mudhun esih bisa dienggo alesan”