WANGSALAN
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
- Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
- Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
- Jirak pindha munggwing wana
- Sayeng kaga we rekta
- Sinambi kalaning nganggur
- Wastra tumrap mustaka
- Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
- Kinarya langen pribadi
Batangane:
- Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
- Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
- We rekta kang muroni = iket.
- Baon sabin = karya.
Jenisé Wangsalan
- Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
- Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
- Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan:
Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung
lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku
tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk
sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
- Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan
njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
- Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4
wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen
mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi
wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek
kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang
mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan
rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben
saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi
wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
- Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
- Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
- Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
- Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
- Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar