Rabu, 31 Desember 2014

Pendidikan

PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Thuladha  :

Abang
Jaran kepang mangani pari
Klambi abang sing marani

Bae
Nandur jahe nang galengan 
Kono bae kanggo delengan

Begadhang
Kembang gedhang dipangani sapi
tinimbang begadhang aluwung ngaji

Conto
Mangan soto lawuh tahu
Kanggo conto anak putu

Dilali-lali
Ali-ali emban kuningan
Dilali-lali meksa kelingan

Entheng
Omah gendheng disaponi
Abot enheng pada dilakoni

Gathuk
Mangan gethuk ora nganggo klapa
Yen wis gathuk ngenteni apa

Gela
Tela diiris-iris
Gawe gela ora uwis-uwis

Ireng
Ireng-ireng kembang telekan 
Rupane ireng dadi golekan

Jaka
Ngisor kana ana gemake
Ngakune jaka lima anake

Jejer
Tuku genjer munggah gunung
Lungguh jejer atine bingung

Kandhung
Kembang jagung dipethik Cina
Barang wis kadhung dikapakna

Lali
Menyang kali manggul watu
Aja lali karo limang wektu

Mampir
Godhong kecipir mrambat kawat
Najan gak mampir nanging liwat

Sregep
Manuk emprit menclok godhong tebu
Dadi murid sing sregep sinau

Tidak ada komentar:

Posting Komentar