Sabtu, 13 Desember 2014

Sastra Lisan

GUGON TUHON
1. Aja sok lungguh ing bantal, mundhak lara wudunên.
Bantal punika pirantosipun tiyang tilêm, kangge angganjêl sirah. Môngka ing atasipun tiyang Jawi, sirah punika kadi pun aji-aji sangêt. Môngka saindênging bokong punika kaanggêp ingkang asor. Dados ganjêl sirah wau, manawi kangge angganjêl bokong, têmah anyudakakên pangaji-ajinipun dhatêng sirah, dados nama murang tata.

2. Aja sok nêkuk bantal, mundhak ora ilok.
Tatilêman utawi tilêm, punika manawi bantalipun dipun têkuk, pamrihipun namung sirahipun sagêd inggil, kajêngipun supados kraos sakeca. Ananging tilêm sirahipun ngantos andhêngklèk, punika botên prayogi. Awit manawi tilêmipun sakecanên, jalaran saking sayah anggènipun dolanan ing siyangipun utawi karipan, lajêng dangu botên alihan, inggih punika lajêng anjalari sakit tèngèng. 

3. Aja sok jagjagan ana ngambèn utawa paturon, mundhak ora ilok.
Patilêman utawi ambèn, punika namung kangge pirantos tilêm utawi linggihan.Môngka jagjagan punika têmbung kasar ingkang têgêsipun lumampah tanpa rêringa, dados jagjagan wontên ing patilêman utawi ing ngambèn punika murang tata. Punapa malih manawi dlamakanipun rêgêd, saèstu angrêgêdi ing panggenan wau.

4. Yèn mapan turu aja nganti gupak upa, mundhak ngimpi ditampêl lintah.
Lintah punika sami-sami kewan anggêgilani, jêr saking anggènipun gênduk-gênduk tanpa balung êri, punapa malih purun nêsêp utawi ngêcop êrah.

5. Aja sok turu malang-megung, mundhak ora ilok.
Tilêm ingkang ujuripun malang megung, punika kajawi ngêbak-êbaki papan, dipun tingali inggih kirang sae, dene botên tata utawi jujur. Punapa malih yèn wontên rencangipun ingkang tunggil tilêm, saèstu adamêl susahing rencangipun wau.

6. Aja sok turu nganggo bantal dhuwur, iku anggêdhèkake [anggêdhèka...]
 [...ke] kamuktèn, besuk bojone mundhak brewok. Yèn tumrap dhatêng lare jalêr: besuk bojone mundhak kopèk.
Punika kajêngipun piwulang kadosdene kateranganipun bab 2, namung kaot nêkuk kalihan nungsun bantal. Utawi ambokmanawi botên nguman-umani kancanipun.

7. Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudhigên.
Punika kajêngipun namung supados sagêda rêsikan. Awit nêdha tatêdhan wontên ing patilêman punika yèn tatêdhan wau kècèr murugakên rêgêd sarta karubung sêmut. Dados yèn nêdha supados wontên panggenan ingkang patut kangge nanêdha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar