RESUME
NOVEL ANTEPING TEKAD
Novel punika
nyariosaken salah satunggaling putri ingkang mandiri, optimis, kaliyan pinter,
asmanipun Indiah, utawa ingkang luwih asring dipuntimbali Irah. Irah punika
putrane tiyang ingkang mboten gadah, bapak kaliyan ibune urip pas-pasan.
Sawijinig dinten nalika Irah lulus saking pasinaonan wonten ing SMP, ingkang
kedahipun ngraos seneng saged lulus, nanging Irah malah ngraos sungkawa, amargi
bingung badhe nerasaken sekolah malih
punapa mboten, kepengin sekolah malih, nanging mboten gadah beaya. Akhire
Irah pasrah narima ing pandum. Irah namung ngrewangi ibune wonten ing griya.
Sadinten-dintene Irah namung masak, ngumbaih, kaliyan ngresiki omah. Sumerep
putrine namung kados punika saben dinten, akhire bapak ibune ndawuhi Irah
supados omah-omah kemawon. Sawijining dilamar dening Kalijo, putranipun tiyang
sugih wonten ing kampung mriku. Nanging amargi Kalijo punika duda, irah mboten
purun. Amargi dipeksa dening bapak ibune, Irah kepeksa kesah nilaraken griya.
Irah kesah dateng jakarta, lajeng
menyang Bogor. Wonten ing bogor, Irah nubruk tiyang putri. Nalika ditakoni,
irah ngendika menawi badhe tindak dateng sedulure nanging giyane sampun pindah,
lajeng dipunjak dateng griyane. Dereng saminggu wonten mriku, wonten piyayi
ingkang mbetahake abdi, inggih punika kaluwarga Sutarno. Nanging wonten mriku
Irah ngraos mboten tentrem amargi wonten Sukri kancane Mas Sundoro,
bendaranipun. Ugi wonten Gimin, abdi sanes ingkang wonten mriku.
Dangu-dangunipun Irah malah ngraos seneg kaliyan sundoro ingkang badhe bebojoan
kalih Utami. Nanging Sundoro meneng-meneng inggih semanten ugi, tresna kaliyan
Irah.
Ngertos menawi Irah kaliyan Sundoro
sami senenge, Bu Sutarno ngusir Irah saking mriku. Lajeng irah kepanggih
kaliyan kanca SMP ne rumiyin, Satinah. Satinah sampun dados garwane dokter.
Akhire Satinah dados pamong anake Satinah. Nanging wonten mriku, Irah kepanggih
malih kaliyan Sukri lan Suwondo, tiyang ingkang nate nglamar Irah. Wonten ing
griyane satinah, Irah nyambi sekolah malih, ngrampungaken SMA.
Sawijining dinten, Sundoro maringi
layang dateng Irah. Sundoro ngandaraken kahananipun wonten ing luar negri
kaliyan Utami. Irah sajake sampun ngiklasaken Sundoro kaliyan Utami, nanging
satunggaling dinten Sudoro maringi kabar menawa Utami nilar nalika nglairake.
Irah banget sungkawane amargi Utami sampun dianggep sedulure piyambak. Akhire
Sundoro kondur saking luar negri lan ngejak Irah omah-omah lan dados garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar