Senin, 22 Desember 2014

Budaya


GUA JATIJAJAR

Gua jatijajar inggih punika salah satunggaling gua ing Dusun Jatijajar, Kecamatan Ayah, Kabupaten Kebumen. Miturut cariyosipun Gua punika ditemokakaen dening tiyang ingkang saweg pados suket, lajeng piyambakipun dawah lan mlebet sawijining bolongan. Nalika dipunpirsani jebul bolongan punika mapan wonten ing nginggil gua. Lajeng tiyang punika nyariosaken punapa ingkang sampun dipuntemokaken dateng masyarakat.
Mireng kabar punika pihak pemerintah inggih punika Bp Suparjo Rustam minangka Gubernur Jawa Tengah wekdal punika, nindakaken pengembangan dateng gua punika. Nalika Gua Jatijajar dipun wangun, Kebumen taksih dipuncepeng dening Bupati Supeno Suryodiprojo. Gua punika dawanipun 250 meter. Ambanae antawisipun 15 meter. Menawi inggilipun rata-rata 10 meter. Konon cariyosipun nalika dipuntemokaken wonten ing ngajeng lawangan kangge mlebet wonten wit jati kalih lan jejeran, mula gua punika dipunwastani gua jatijajar.
Jaman rumiyi gua jatijajar inggih punika papan panggenan semedinipun raden Kamandaka, ingkang angsal wangsit. Lejeng cariyos Raden kamandaka punika dipunwastani Legenda lutung kasarung. Wonten salebeting gua ugi wonten patung-patung ingkang nyariosaken kisahipun lutung kasarung.  Sanesipun patung wonten ugi sendang ingkang cacahipun pitu ingkang dipunprecaya nggadhahi khasiat. Nanging ingkang langkung misuwur inggih punika sendang mawar ingkang nggadahi khasiat sinten kemawon ingkang raup ngangge toya punika bakale awet enom ugi sendang kanthil kasiatipun menawi raup ngagem toya saking sendang kanthil punapa ingkang dados kekarepanipun bakal kalampahan.
Ing salebeting gua katah stalaktit kaliyan stalakmit ingkang nambahi indahing gua punika. Umur Watu-watu ingkang wonten ing gua punika sampun tua sanget, pramila wonten ing ngajeng dipun damel patung kewan purba inggih punika patung dinosaurus. Sedaya kaindahan wau kedah dipun lestantunaken, amargi gua punika inggih punika ciptaanipun gusti ingkang maha agung.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar