MITOS
NGUNIKAKAE KLAKSON ING PAKUBURAN
(desa
Tambaksari, kecamatan Kuwarasan, kabupaten Kebumen)
Ing desa Tambaksari, kecamatan
Kuwarasan, kabupaten Kebumen, ana sawijining pakuburan kang diprecaya angker
dening warga kana. Pakuburan iku mapane ana ing pinggir dalan
Tambaksari-Purwaganda, luwih tepate ana ing sakulone SD N Tambaksari. Miturut
kaprecayan warga kana, menawa arep liwat pakuburan iku, saben wong kang
nunggang motor kudu ngonekake klakson. Merga menawa ora ngonekake klakson
diprecaya wong iku bakale nemoni apes. Apa maneh sering ana kadadean kacilakan
ing sakiwa tengene pakuburan iku, dadi warga kana sansaya precaya marang mitos
iku. Ora mung warga Tambaksari, warga desa liya uga melu precaya marang mitos
iku.
Wong kang liwat ing kuburan kuwi
jarene uga akeh kang diweruhi dedemit utawa memedi. Salah saijining wong kang
tau diweruhi yaiku bakul bakso saka desa lia. Nalika ngiderake dagangane iku,
dheweke diweruhi wong wadon rambute dhawa nganggo klambi putih, banjur dheweke
mlayu merga saking wedine. Ana uga wong kang lagi nunggang motor, dheweke ora
ngonekake klakson, banjur dheweke diboncengi kuntilanak.
Kang nambah nggawe angker,
kadangkala ana wong kang menehi sesajen ana ing salah sijining kuburan. Sesajen
iku kanggo arwahe para leluhur supaya urip tentrem ing alame. Sanajan wis akeh
kadadeyan kang ganjil kaya mau iku, nanging ana uga wong kang ora precaya lan
nganggep wong iku musyrik. Wong pancen nduweni hak dhewe-dhewe. Precaya ora
precaya sing penting kudu bisa njaga awake dhewe-dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar