SEDEKAH LAUT
(desa Rowo, kecamatan mirit, kab kebumen)
Saben taun,
wonten ing Desa Rowo, Kecamatan Mirit, Kabupaten Kebumen dipunwontenaken budaya
utawi tradhisi Sedekah laut, inggih punika saben dinten Selasa utawi Jumuwah
kliwon ing minggu kapisanan wulan Sura. Sedekah
Laut wonten ing desa mriki awujud larungan, inggih punika nglarung maneka warna
uba rampe wonten ing laut kidul.
Saderengipun adicara Larungan,
warga desa, tokoh masyarakat,
tuwin pejabat desa Rowo ngarak omah sesajen ingkang dipun wastani Jolen.
Jolen punika dipun arak saking dalemipun kepala dhusun, dugi kali Wawar.
Saksampunikpun dugi kali Wawar, dipun arak malih ngagem prahu cacahipun tigang
dasa, ngantos segara kidul, ingkang tebihipun antawis tigang km. Prahu
ingkang kagem ngarak dipun hias warna-warni ngagem umbul, ugi
bendera-bendera alit, ingkang dipun iringi musik tradisional ingkang nambah
rame suwasana. Saduginipun ing segara, sesepuh nelayan wonten ing mriku lajeng
nindakaken upacara mbakar menyan ugi maos donga, sarta muwur kembang wonten ing
segara. Lajeng sesajen ingkang sampun dipun arak wau dipun larung wonten ing
segara. Sesajen utawi uba rampe wau arupi: endhas wedhus ingkang dibunthel
gombal pethak, jajanan pasar, kembang setaman, tumpeng, pitung maneka warna gedang,
pitung maneka warna woh-wohan, ageman sakpangadeg, ugi piranti kecantikan
tiyang estri. Masyarakat pitados menawi sedaya wau kagem panguwasa lau kidul,
pramila ingkang dipun larung sedaya keremenanipun Ratu kidul, inggih punika Nyi
Roro Kidul.
Saksampunipun adicara Larungan,
adicara sanesipun inggih punika kenduren, ugi donga sesarengan. Ingkang unik
woten ing mriki, saksampunipun adicara kenduren wonten hiburan organ unggal.
Lajeng ndalune wonten pagelaran wayang kulit. Sedinten saderengipun larungan
ugi sampun dipunwontenaken kesenian tayub.
Sedaya wau dipun tindakaken kagem
mujudaken raos syukur para nelayan, awit saking sedaya berkah ingkang sampun
kaparingaken dening Gusti Ingkang maha agung. Sedekah laut punika ugi kagem
nyuwu kasugengan nalika mados iwak ing segara, ugi supados angsal iwak ingkang
katah. Wontenipun adicara punika ugi saged dados aset budaya ingkang dipun
gadahi kabupaten kebumen, ingkang saged narik kawigatosanipun para turis manca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar