Senin, 15 Desember 2014

Tradhisi

Analisis Pranata 
dalam tradhisi "Nundhuh Susuh Manuk walet"


Pranata keluarga
Pranata keluarga wonten ing mriki tegesipun inggih punika aturan ingkang dipungadhahi dening satunggaling kaluwarga, ingkang gegayutan kaliyan proses upacara ngundhuh susuh manuk. Kaluwarga ingkang manggen ing sakiwa tengenipun Gua nggadahi pranata ingkang benten benten. Wonten kaluwarga ingkang nganggep menawi wonten salah satunggaling anggota keluwarga ingkang badhe ngundhuh, anggota kaluwarga ingkang sanesipun kedah rawuh ngurmati upacara, ugi minangka wujud raos dukungan dhateng anggota kaluwarga ingkang badhe ngundhuh. Nanging miturut tradisi kaluwarga kula, mboten wonten ingkang pareng ngundhuh, amargi sanget mbebayani. Nanging kedah  tetep ngurmati tiyang sanes ingkang badhe ngundhuh. Sapunika ugi sami kaliyan fungsi pranata kaluwarga, salah satunggalipun pengendalian sosial, kaliyan nglindungi anggota kaluwarga.   

  Pranata agama
Pranata agama inggih punika aturan ingkang ngatur menungsa kaliyan menungsa sanes, ugi menungsa kaliyan lingkungan alam sakiwa tengenipun. Wonten ing tradhisi punika wonten aturan-aturan utawi syarat ingkang kedah dipunlampahi kadosta sesajen. Tiyang ingkang dereng mangertos babagan kabudayan Jawi mesthinipun menggalih ingkang boten sae. Punapa malih menawi dipun pirsani saking sudut panda agama, mesthi dipun wastani musyrik. Punapa malih mayoritas warga desa Karang bolong  punika muslim.
Agama pancen susah dipun gabungaken kaliyan budaya. Nanging sejatosipun saged menawi sedaya warga nggadhahi raos toleransi. Buktinipun tradhisi ngundhuh susuh manuk punika saged mlampah. Warga desa sarujuk menawi sesaji ingkang kagem Kanjeng Ratu Kidul punika sejatosipun supados dipun paringi keslametan dening Gusti Allah, ananging caranipun punika lumantar panguwasa Laut Kidul. Amargi  sesajen punika saged mujudaken hubungan ingkang sae antawisipun menungsa-kaliyan menuungsa sanes, menungsa kaliyan alam (segara kidul kaliyan Gua), ugi antawisipun menungsa kaliyan Gusti ingkang maha agung.


   Pranata Ekonomi.
       Pranata ekonomi punika gegayutan kaliyan babagan ekonomi kadasta produksi, distribusi kaliyan konsumsi.  Warga masyarakat mriku kedah njagi gua ingkang dados panggenanipun manuk walet, ugi kedah njagi alam, supados produksi susuh manuk tetep kathah (produksi), ngenani distribusi, mboten wonten aturan ingkang khusus, seged dipun sade dateng sinten kemawon, menawi konsumsinipun, sinten kemawon saged ngonsumsi, utaminipun tiyang ingkang gerah ingkang mbetahaken susuh manuk punika kagem obat.

Kesimpulan
          Menawi dipun tliti, tradhisi ngundhuh susuh manuk punika nggadhahi pranata-pranata ingkang kathah. Sedaya tradhisi wonten aturanipun ingkang mboten saged dipun langgar. Kamangka kadang kala aturan punika benten kaliyan kapitadosan Kita. Kapitadosan kita kadangkala ugi benten kaliyan kapitadosan tiyang sanes. Nanging punika boten pareng dipun damel masalah. Sedaya wau kedah mbetahaken raos tepo slira.
               

Tidak ada komentar:

Posting Komentar