Jumat, 26 Desember 2014

Tradhisi

SADRANAN
( Pelaku)

Minangka tiyang jawi kita mesthi sampun tepang kaliyan satunggaling tradhisi ingkang sinebat Sadranan. Sadranan inggih punika tradhisi ingkang sampun wonten wiwit zaman rumiyin, ingkang taksih dipun tindakaken ngantos sapunika. Tembung sadranan saking tembung  Sraddha, ingkang tegesipun nuweni pesarean para leluhur kagem ngresiki kaliyan muwur kembang, lajeng ngirim donga kagem para leluhur ingkang padatanipun dipuntindakaken saderengipun wulan puasa. Wonten daerah ingkang sampun resik resik dipunlajengaken kenduren, ingkang saderengipun sami mbeto daharan ingkang dituker-tuker kaliyan daharanipun tiyang sanes. Sedaya wau kangge wujud raos kebersamaan.
Wonten ing upacara punika wonten pelaku pelaku ingkang nyengkuyung tradhisi punika:
·           Tribhuana Tungga Dewi
Tokoh ingkang ndadosaken dipuntindakaken tradhisi Sadranan punika.
·           Sunan kalijaga
Tiyang ingkang nindakaken tradhisi punika kanthi pisanan.
·           Masyarakat
Masyarakat minangka pelaku utama wonten ing tradhisi punika. Amargi masyarakat punika ingkang nindakaken satunggaling tradhisi.
·           Tokoh agama
Wonten ing tradisi sadranan,  tokoh agama sanget dipunperlokaken. Amargi tokoh agama ingkang nemtokaken kapan wekdal ingkang tepat kangge nindakaken tradhisi punika. Tokoh agama ugi ingkang mimpin donga. Wonten ing mriki, agama ingkang gegayutan inggih punika agama Islam.
·           Tokoh masyarakat
Tokoh masyarakat ugi  salah satunggaling  tokoh ingkang wigati. Amargi menawi botan wonten pemimpin desa, satunggaling acara mboten bakal kaleksanan.
            Saksampunipun rangkaian acara dipuntindakaken, punika nandakaken menawi masyarakat ingkang sampun nindakaken sampun suci, resik,  lajeng saged nindakaken puasa kanthu khusyu’.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar