KEBUDAYAAN ISLAM
(SEKATEN)
Agama kaliyan budhaya pancen katah
gegayutanipun, ngantos wonten ingkang boten saged dipisahaken. Budaya inggih
punika hasil kegiatan kaliyan penciptaan batin (akal budi) menungsa, kados
kapitadosan, kesenian, utawi adat istiadat. Islam ugi tansah ngajaraken
menungsa supados tansah makarya, ugi ngginakaken pikiranipun ingkang sampun
diparingaken dening Gusti kangge ngolah punapa ingkang wonten ing bumi supados
nggadahi manfaat kagem menungsa piyambak.
Bentuk
Salah satunggaling wujud saking kabudayan Islam ingkang wonten
ing indonesia inggih punika upacara Sekaten. Ingkang dipun tindakaken wonten
ing Yogyakarta ugi Surakarta. Wujud kabudayanipun piyambak wonten 3 werna
inggih punika gagasan, aktifitas sosial, ugi benda. Upacara adat Sekaten punika wujud kabudayan Islam ingkang wujudipun
aktifitas sosial. Tembung Sekaten saking tembung syahadatain inggih punika
upacara kangge mengeti miyosipun (ulang taun) Nabi Muhammad SAW ingkang
dipunwontenaken saben tanggal 5 wulan Mulud (bulan Jawa).
Upacara punikadipunwontenaken salami 7 dinten
wonten ing alun-alun kraton. Dinten kapisanan
wonten iring-iringan abdi dalem ngasta 2
set gamelan ingkang sinebut Kyai Nogowilogo kaliyan Kyai Gunturmadu (Yogyakarta).
Lajeng wonten upacara Tumplek Wajik inggih
punika arupi kotekan utawi permainan
lagu ingkang dipuntindakaken kanthi nabuh kentongan pring utawi lumpang. Lajeng
puncakipun upacara Grebeg Mulud ingkang dipuntindakaken tanggal 12. Wonten ing
grebeg Mulud, dipun arak Gunungan saking kasil bumi lan jajanan pasar ingkang
sampun diparingi donga. Miturut kapitadosan warga mriku, sinten ingkang angsal
gunungan wau bakal angsal berkah.
a.
Ancas
Kajawi kangge mengeti
dinten miyosipun Nabi Muhammad S.A.W, upacara sekaten punika ugi kagem
nglestantunaken budaya Jawa. Ugi saged narik kawigatosanipun tiyang njawi (turis
asing)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar