Arané gawéyan
·
Algojo: tukang midana pati
·
Babu: réwangé balé somah
·
Bajag: wong sing gawéyané mbégal ing
segara
·
Bakul: wong sing gawéyané dodolan
·
Batur: wong sing gawéyané ngrwong sing
gawéyané wangi wong
·
Begal: wong sing gawéyané ngrebut
barangv wong
·
Bendung: wong sing gawéyané mbendung
banyu
·
Blandhong: tukang negor kayu
·
Blantik: bakul kéwan rajakaya
·
Buruh: wong sing nyambut gawé kasar
·
Cantrik: abdiné pandhita ngiras dadi
muridé
·
Carik: juru tulis ing kalurahan
·
Dhalang: wong sing gawéyané nglakokaké
lan crita wayang
·
Dhokter:Tukang nambani wong lara
·
Emban: tukang momong bocah
·
Empu: tukang gawé keris
·
Gamel: tukang ngopeni jaran
·
Gandhek: utusan ratu
·
Gemblak:Tukang gawé barang-barang saka
kuningan
·
Gerji: tukang dondom klambi
·
Germa: tukang buru kéwan ing alas
·
Guru: wong sing gawéné mulang
·
Jagal: tukang mbeleh rajakaya
·
Jlagra: tukang natah watu
·
Juragan: sudagar, lurahé pakaryan
·
Juru basa: tukang negesi basa manca
·
Juru dang: tukang dang
·
Juru kunci: tukang ngrumat pasareyan
utawa kramat
·
Juru tambang: tukang prau utawa gethek
ing kali
·
Juru silem: wong sing gawéyané nyilem
·
Juru sungging: wong sing pinter
nyungging (nggambar)
·
Juru terbang: wong sing gawéyané
nglakokaké montor mabur
·
Juru tulis: wong sing gawéyané nulis
·
Kemasan:tukang gawé dandanan saka emas
·
Koki: tukang olah-olah
·
kondhektur:tukang nariki lan mriksa
karcis
·
Kundhi: tukang gawé grabah
·
Kusir: tukang nglakokaké dhokar utawa
kréta
·
Kyai: wong sing pinter agama Islam
·
Madhaharan: juru olah-olah
·
Malang:pulisi désa
·
Mandhor:tukang ngawasi buruh
·
Masinis:tukang nglakokaké sepur
·
Merbot: punggawa mesjid
·
Molang: bakul rajakaya
·
Montir: tukang ndandani mesin
·
Mranggi: tukang gawé wrangka
·
Niyaga, wiyaga: tukang nabuh gamelan
·
Pakathik: tukang nuntun jaran
·
Pacalang: prajurit sing gawéyané
ngulataké lakuné musuh
·
Palara-lara: para nyai cilik
·
Palayangan: tukang ngeterké layang
·
Pandhé: tukang gawé barang-barang saka
wesi
·
Panegar: tukang ngajari jaran
·
Panjak:tukang ngladèni pandhé utawa
niyaga
·
Pangobèng: wong buruh mbathik
·
Para: bakul mas inten
·
Parekan: para nyai sing ketengen
·
Pasindhèn: wong sing nyindhèni gamelan
·
Pawongan: batur wadon
·
Prajurit: wong sing gawéyané béla negara
·
Pramugari: tukang ngladèni penumpang
pesawat
·
Pujangga: ahli sastra, tukang ngarang
·
Sarawèdi: tukang adol utawa nggosok
barléyan inten
·
Sayang: tukang gawé barang saka tembaga
·
Sekater: tukang naksir rega ing gadhèn
·
Sinoman: nom-noman tukang ladèn
·
Srati: tukang ngrumat gajah
·
Sedagar: wong dagang gedhé
·
Supir: tukang nglakokaké montor
·
Tuwa buru: abdiné germa
·
Undhagi: tukang kayu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar