Jumat, 09 Januari 2015

Pendidikan

Tembung Rangkep (kata ulang)

Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakaehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku :

1.  Tembung dwilingga
     a.  Dwilingga padha swara
  • Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.

     b.  Dwilingga salin swara
  • Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.


     c.  Dwilingga semu
  • Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.

2.   Tembung dwipurwa
      Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
  • Lara        = lelara
  • Guyu       = geguyu
  • Tuku       = tetuku
  • Laku       = lelaku

3.   Tembung dwiwasana
      Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
  • Benyik = benyinyik
  • Cuwo  = cuwowo
  • Pethet  = pethethet
  • Penyo  = penyonyo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar