SESORAH MENGETI DINTEN KARTINI
(MINANGKA KETUA PANITIA)
Dhumateng camat Gunung Pati, inggih punika
bapak....ingkang dahat kinurmatan,
Dhumatang Lurah Sekaran, bapak.....ingkang satuhu
kinurmatan,
Boten kesupen dhumateng para rawuh, Ibu-ibu, sedherek
remaja putri ingkang satuhu kinurmatan.
Saderengipun,
mangga kita ngaturaken raos sukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit sih
nugraha ingkang sampun kaparengaken dhumateng kita sedaya, katitik wonten ng
enjing punika, kita sedaya saged makempal wonten ing papan palenggahan punika
kanthi kasarasan, karaharjan, boten kirang satunggal punapa.
Salajengipiun
tepangaken, kula Dwi Asih Setiio Utami, minangka ketua panitia panyelenggara,
ngaturaken gunging panuwun dhumateng panjenengan sami, ingkang sampun
nglonggaraken wekdal, kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng
panjenengan sedaya. Boten kesupen kula ngaturaken panuwun dhumateng pihak-pihak
ingkang sampun nyengkuyung wontenipun adicara punika. Pak lurah, maturnuwun
sampun nyawisaken papan palenggahan wonten ing bale dhusun punika. Maturnuwun
ugi kanca-kanca kula, para kadang panitia, ingkang sampun sareng-sareng
nyiapaken adicara punika kanthi sae, saengga warga masyarakat sekaran mriki
saged ngraosaken bungah.
Para
rawuh ingkang minulya, dinten punika tanggal 21 april 2014. Kados ingkang kita
mangertosi, bilih R.A Kartini punika
miyos tanggal 21 april 1879, wonten ing jepara. Pramila dinten punika kita ginakaken
kagem mengeti dinten miyosipun R.A Kartini
ingkang sampun njunjung inggil drajadipun wanita Indonesia ngantos sami kaliyan
drajadipun kaum priya. Wontenipun adicara punika ugi saged dados sarana
introspeksi diri kagem panjenengan sami,
punapa kita sampun dados wanita ingkang sae, ingkang migunani. Sampun punapa
dereng? Nggih punika gumantung panjenengan piyambak-piyambak, Kula kaliyan kanca-kanca
namung saged maringi fasilitas arupi ngawontenaken adicara kagem mengeti dinten kartini punika. Ancas
dipunwontwnwkenipun adicara punika supados saged nyambung tali silaturahmi, kagem nambah
raketing memitran. Pramila ingkang kula suwun, ginakaken wekdal punika kanthi
sae, amargi adicara punika namung wonten kaping setunggal saben setaun.
Para
hadirin, kula kinten cekap semanten atur kula. Boten kantun kula ngaturaken
gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami nyengkuyung wontenipun
pengetan punika. Mugia sedaya wau angsal piwales ingkang samurwat saking Gusti Allah
SWT. Ugi nalika ngawontenaken adicara punika wonten kekiranganipun, kula
kaliyan kanca panitia nyuwun pangapunten.
Kaping
setunggal malih maturnuwun, menawi katah klinta-klintuning atur, subasitha
ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar