BBM
MUNDHAK BAPAK KEPLARAK
BBM
MUDHUN IBU GETUN
Desa
lemahduwur, kecamatan Kuwarasan, Kabupaten Kebumen kalebune daerah sing wis
makmur ana ing daerah Kebumen. Kabeh mau
merga kerja kerase para perangkat desa, salah sijine Pak Sunaryo. Pak Sunaryo
wis 11 taun ngabdi dadi perangkat desa ana ing desa Lemahduwur. Awan bengi
penggaweane nglayani warga, ngurusi apa sing dikeluhake wargane. Pak Sunaryo
kalebu wong sing eman banget marang kaluwargane. Saben gajian, bojone mesthi
diwenehi dhuwit blanja kanggo tuku janganan lan kebutuhan liya-liyane. Anak
siji-sijine sing umure tembe 10 taun uga
mesthi diwenehi dhuwit kanggo sangu sekolah. Sanajan mung sewu-rongewu nanging anake
sing jenenge Jalu mau wis meneng. Ora kaya ibune sing mesthi sambat kurangen
wae. Padahal dhuwite wis diwenehake
kabeh, pak naryo mung ngluwihi kanggo tuku pur jago, iku wae mung sithik banget.
Pak naryo pancen seneng banget ngingoni Jago. Tinimbang kanggo tuku udud utawa
kanggo tuku panganan nang warung, pak naryo luwih milih duwite dienggo tuku pur
Jago. Saking senenge marang kewan jago mau, anake nganthi dijenengi Jalu.
Sanajan
wis gedhe banget pengorbanane pak Naryo, nanging bu Naryo tetep ora nrimanan wae.
Saben esuk bu Naryo penggaweyane mung nggrundhel merga jarene dhuwit blanjane
kurang. Apa maneh saiki BBM wis mundhak.
“Pak, masa saben dina masake tahu-tempe, tahu-tempe.
Bosen lho pak” grundhele bu naryo.
“lha wingi kan wis tak wenehi dhuwit. Ya iku dhuwite
kanggo tuku lawuh kan kena. Wong gajiku wis tak wenehake kabeh ngono kok” pak
Naryo mangsuli.
“halah...wong aku mung diwenehi rong yuta, ya kurang
pak” bu Naryo ngeyel.
“Kurang kepriye? Masa dhuwit rong yuta mung kanggo
tuku beceran tok ngono kok kurang? Hayoh ngaku, kanggo tuku apa wae dhuwite?
Masa mung kanggo tuku lawuh sing rada enak sithik ora bisa? Aja dienggo kanggo
tuku sing ora-ora lho bu! ”
“Kanggo tuku sing ora-ora kepriye? Wong wadon ya
kudune nyandhang. Bapak iku lho saben dina penggaweyane mung ngurusi jago tok.
Apa ya ora mangan dhuwit jago iku?”
“Loh aja salah, justru iki sing bisa ngasilake
dhuwit lho bu. Nyandhang ya nyandhang, nanging masa tuku emas, tuku klambi dadi
hobi? Pokoke sesuk dhuwit blanjane tak suda” Pak Naryo suwe-suwe rada nesu.
“halah emoh...iki
lho BBM mundhak, apa-apane dadi larang. BBM mundhak mung rongewu, lomboke mundhak 30 ewu. Pokoke emoh yen
dikurangi, sesuk yen BBM
mudhun lha nembe, rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh” bu Naryo nantangi.
mudhun lha nembe, rana arep disuda sakakeh-akehe ya ngonoh” bu Naryo nantangi.
“BBM mundhak aja dadi alesan, kan esih cukup, wong
dhuwite akeh ngono kok, sing luwihan wingi ya esih kan? kapanane BBM mudhun tak
sudane tenan dhuwit blanjamu bu”
“ya ngonoh, ning ora bakal pak, mundhak maneh tembe
memper” omonge bu Naryo ayem
BBM
pancen tembe bae mundhak, nanging efeke wis tekan ngendi ora. Tembe krungu
kabare wae para pedagang wis ngantisipasi kanthi ngundakake rega, apa maneh nek
wis mundhak, rega-regane saya mumbul dhuwur. Mundhake BBM iki nggawe bingunge wong sing mung pas-pasan
dhuwite. Apa maneh kanggo bu Naryo, isa-sa ora bisa tuku emas maneh gara-gara
dhuwit blanjane ora luwih. Bu Naryo pancen hobine nukoni emas lan sandhangan
liyane, jarene supaya ora ketinggalan karo kanca-kancane. Nanging sayange ora
mikir kebutuhan liyane. Saben diwenehi dhuwit pak Naryo, langsung ditukokna
emas utawa klambi, ora mikir mengko dhuwit blanjane kurang. Nalika BBM mundhak
bu Naryo mung isa nggrundhel merga mung isa tuku lawuh tahu tempe. Nanging ya
tetep ora mareni.
Sawijining
dina, bu Naryo jam 3 sore tembe bali karo nggawa tas blanjanan akeh. Jebul bu Naryo tembe bae tuku klambi lan
sepatu kanggo dienggo mangkat kondangan minggu ngarepe. Saben garep mangkat
kondangan mesthi klambine ganti.
“Bu, endi iki masakane? Aku kok ora dimasakna?”
“lali pak, iki aku nembe bali lho...”
“mesthi bar blanja maneh ya? Ibu iki priye sih? wis
ngerti BBM mundhak ya isih nukoni klambi wae. Ora melas apa karo bapak sing nggolek
dhuwit ngalor ngidul, ngetan ngulon, nganthi keplarak-plarak kaya ngene. Malah
ora dimasakake. Terus aku kon mangan apa?”
“Halah, gari tuku dhisik nang aring warung kan
pirang-pirang”
“Ya wis ngeneh dhuwit blanjane tak enggo aku wae”
“ya ora bisa, wong iki wis dadi hakku kok”
Pak
Naryo atine banget mangkele. Tinimbang pada padu, pak naryo luwih milih metu
lunga saka omah, golek panganan nang warung sapa tau utang. Jalu ora usah dikuwatirake,
merga saben bali sekolah mesthi mampir nggone mbahe nunut mangan. Sanajan
banget mangkele karo bojone, nanging pak naryo janjane ya melas, kepengin anak
bojone nyandhang sing bener. Dadi ya mung dijorna wae, karo ngarep-arep BBM
bisa mudhun supaya bisa kanggo alesan ngurangi dhuwit blanjane bojone, supaya
bisa sadar. Merga ora bisa tuku pur,
jago-jagone mung dipakani sega luwihan tok. Saya suwe katon kuru kaya majikane.
Awan bengi pak Naryo mikirake sipate bojone sing ora bisa mareni. Jalu sing
taksih cilik durung patia ngerti karo kahanane wong tuwane. Asal wis diwenehi
sangu wis meneng. Menawa ngrasa ngelih dolan menyang omahe simbahe. Mung mbahe
sing rada melas karo Jalu. Bu Naryo pancen kebangeten. Dhuwit saka bojone
sering dienggo njajanake kanca-kancane. Jarene supaya katon rada mentereng.
Saben
esuk bu Naryo mesthi lung menyang pasar. Sanajan saben dina lunga menyang
pasar, nanging anehe sing dituku mung janganan iku-iku wae, merga tujuwane
pasar ya mung garep pamer gelang karo kalung tok. Sawijining dina ana kedadeyan
sing gawe jengkele bu Naryo. Yaiku kalunge dijambret nalika lagi-milih-milh
janganan nang aring pasar. Kalung sing abote 10 gram iku ilang tanpa tepak. Sidane
bu naryo mulih karo mbesengut turut ndalan.
“Kowe nangapa bu? Bali-bali kok mbesengut kaya
ngono?” takone pak Naryo
“ora papa pak, kesel wae” bu Naryo ora wani ngomong
menawa tembe bae kejambretan, merga wedi diseneni bojone.
“oh yawis nganah ngaso dhisik nang kamar” prentahe
pak Naryo.
“iya” karo taksih mbesengut.
Bu
naryo banjur mlebu kamar. Dheweke mikir kepriye carane supaya bisa tuku kalung
maneh. Menawa blaka karo bojone mesthi bakal diseneni. Sing luwih parah, dhuwit
blanjane diendheg. Nanging saksuwene BBM ora mudhun esih bisa dienggo alesan
supaya diwenehi dhuwit blanjan luwih.
Sanajan
bu Naryo sipate boros, nanging omah-omahane karo karo Pak naryo ayem-ayem wae. Malah Jalu garep duwe adhi. Nanging sanajan
lagi ngandhut, bu Naryo tetep ora bisa ngendhegake pakulinane olehe ngentekake
dhuwit. Ora mikir sesuk yen anak ke lorone lair butuhe saya akeh. Bayi durung
metu wae wis ngetokake wragad akeh, yaiku kanggo tuku klambi, popok, jarik, lan
liya-liyane. Nanging ya tetep, klambi sing dituku kanggo biyunge luwih akeh
tinimbang anake. Pak Naryo janjane seneng bakal nduweni anak maneh, nanging ya
mumet, merga bakal tambah keplarak-plarak nggolek dhuwit ngetan ngulon.
Singkat
cerita ana kabar sing marekake senenge pak Naryo, nanging gawe was-wase bu
Naryo. Yaiku BBM bakal mudhun maneh. Kabar iku ngagetake wong-wong, merga
durung kelakon ana BBM mudhun, biyasane mundhak-mundak terus. Jebul kabar iku
pancen bener. Per tanggal 1 januari, BBM mudhun 1000 rupiah. Sanajan mung sewu,
nanging wis nggawe senenge wong-wong, kalebu pak Naryo. Anehe ana BBM mudhun,
bu Naryo malah getun. Ya apa maneh yen dudu merga wedi dhuwit blanjane disuda
bojone. Bu Naryo banjur mikir, kepriye carane ngluluhake atine bojone iku.
“pak, wis mangan apa durung? Iki lho tak masakake
iwak lele karo sop anget” bu Naryo nyepakake panganan karo mesam-mesem.
“tumben temen bu, ana apa iki? Ana slametan apa
kepriye?” pak Naryo ngrasa curiga.
“ora ana apa-apa kok pak, mung pengin ngladeni njenengan
wae. Rene lho tak pijeti, mesthi kesel bar sedina nang kantor kan pak?” bu
Naryo ngapik-apiki bojone supaya dhuwit blanjane ora di suda. Merga yen di suda
bu Naryo ora bisa nukoni emas karo sandhangan maning.
“iya sih kesel. Nanging ibu ora lali ta karo janjine
biyen?”
Deg..bu naryo langsung deg-degan krungu kandane
bojone. “janji apa lah. Aku ora tau njanjeni apa-apa kok”
“halah, ora usah ngapusi ngono lah. Iki BBM wis
mudhun lho bu” pak Naryo nyindhir bojone karo mesam-mesem.
“BBM mudhun ya ben, ora ana urusane karo aku” bu
Naryo taksih ethok-ethok ora ngerti.
“yawis-yawis. Nyah, iki dhuwit blanja wulan iki” pak
Naryo menehake dhuwit blanjan.
“lha kok mung semene pak?” protese bu naryo.
“Ya iya lah, kan BBM wis mudhun. Ya butuhe uga
mesthi sithik. Iya kan bu?” omonge pak Naryo taksih mesam-mesem.
“ya ora bisa ngono ta pak”
“Ya isa wae. Kan ibu dhewe sing ngomong menawa BBM
mudhun dhuwit blanjane ulih dikurangi. Iya kan?” Pak Naryo taksih nyindhir. “aja getun ya bu, hahaha...”
Pak naryo malah ngguyu-ngguyu weruh bojone katon getun.
“lah masa gara-gara BBM mudhun, aku dadi korban” bu naryo ngomong karo mlayu mlebu kamar ora
sida mijeti bojone.
Merga
dhuwit blanjane wis disuda pak Naryo, saiki
bu Naryo ora bisa blanja mrana-mrene maneh. Saben dina mung isa nggetuni
kahanane. Nalika anak ke lorone lair, saya suwe bu Naryo saya mareni, wis ora ngrasa getun maneh.
Merga bu Naryo wis ngrasakake butuh kanggo ngurusi anak loro. Kanggo
keluwargane pak naryo, arep BBM mundhak utawa mudhun mesthi ana paedahe,
sanajan abot ing ngarepe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar