Rabu, 31 Desember 2014

Pendidikan

PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Thuladha  :

Abang
Jaran kepang mangani pari
Klambi abang sing marani

Bae
Nandur jahe nang galengan 
Kono bae kanggo delengan

Begadhang
Kembang gedhang dipangani sapi
tinimbang begadhang aluwung ngaji

Conto
Mangan soto lawuh tahu
Kanggo conto anak putu

Dilali-lali
Ali-ali emban kuningan
Dilali-lali meksa kelingan

Entheng
Omah gendheng disaponi
Abot enheng pada dilakoni

Gathuk
Mangan gethuk ora nganggo klapa
Yen wis gathuk ngenteni apa

Gela
Tela diiris-iris
Gawe gela ora uwis-uwis

Ireng
Ireng-ireng kembang telekan 
Rupane ireng dadi golekan

Jaka
Ngisor kana ana gemake
Ngakune jaka lima anake

Jejer
Tuku genjer munggah gunung
Lungguh jejer atine bingung

Kandhung
Kembang jagung dipethik Cina
Barang wis kadhung dikapakna

Lali
Menyang kali manggul watu
Aja lali karo limang wektu

Mampir
Godhong kecipir mrambat kawat
Najan gak mampir nanging liwat

Sregep
Manuk emprit menclok godhong tebu
Dadi murid sing sregep sinau

Selasa, 30 Desember 2014

Seni

Arane Gamelan



  •  Kempyang



  • Gambang


  •  Demung 


  •  Kempul


  •  Kendang


  •  Seruling


  •  Siter


  •  Saron


Senin, 29 Desember 2014

Pendidikan

Arané gawéyan

·         Algojo: tukang midana pati
·         Babu: réwangé balé somah
·         Bajag: wong sing gawéyané mbégal ing segara
·         Bakul: wong sing gawéyané dodolan
·         Batur: wong sing gawéyané ngrwong sing gawéyané wangi wong
·         Begal: wong sing gawéyané ngrebut barangv wong
·         Bendung: wong sing gawéyané mbendung banyu
·         Blandhong: tukang negor kayu
·         Blantik: bakul kéwan rajakaya
·         Buruh: wong sing nyambut gawé kasar
·         Cantrik: abdiné pandhita ngiras dadi muridé
·         Carik: juru tulis ing kalurahan
·         Dhalang: wong sing gawéyané nglakokaké lan crita wayang
·         Dhokter:Tukang nambani wong lara
·         Emban: tukang momong bocah
·         Empu: tukang gawé keris
·         Gamel: tukang ngopeni jaran
·         Gandhek: utusan ratu
·         Gemblak:Tukang gawé barang-barang saka kuningan
·         Gerji: tukang dondom klambi
·         Germa: tukang buru kéwan ing alas
·         Guru: wong sing gawéné mulang
·         Jagal: tukang mbeleh rajakaya
·         Jlagra: tukang natah watu
·         Juragan: sudagar, lurahé pakaryan
·         Juru basa: tukang negesi basa manca
·         Juru dang: tukang dang
·         Juru kunci: tukang ngrumat pasareyan utawa kramat
·         Juru tambang: tukang prau utawa gethek ing kali
·         Juru silem: wong sing gawéyané nyilem
·         Juru sungging: wong sing pinter nyungging (nggambar)
·         Juru terbang: wong sing gawéyané nglakokaké montor mabur
·         Juru tulis: wong sing gawéyané nulis
·         Kemasan:tukang gawé dandanan saka emas
·         Koki: tukang olah-olah
·         kondhektur:tukang nariki lan mriksa karcis
·         Kundhi: tukang gawé grabah
·         Kusir: tukang nglakokaké dhokar utawa kréta
·         Kyai: wong sing pinter agama Islam
·         Madhaharan: juru olah-olah
·         Malang:pulisi désa
·         Mandhor:tukang ngawasi buruh
·         Masinis:tukang nglakokaké sepur
·         Merbot: punggawa mesjid
·         Molang: bakul rajakaya
·         Montir: tukang ndandani mesin
·         Mranggi: tukang gawé wrangka
·         Niyaga, wiyaga: tukang nabuh gamelan
·         Pakathik: tukang nuntun jaran
·         Pacalang: prajurit sing gawéyané ngulataké lakuné musuh
·         Palara-lara: para nyai cilik
·         Palayangan: tukang ngeterké layang
·         Pandhé: tukang gawé barang-barang saka wesi
·         Panegar: tukang ngajari jaran
·         Panjak:tukang ngladèni pandhé utawa niyaga
·         Pangobèng: wong buruh mbathik
·         Para: bakul mas inten
·         Parekan: para nyai sing ketengen
·         Pasindhèn: wong sing nyindhèni gamelan
·         Pawongan: batur wadon
·         Prajurit: wong sing gawéyané béla negara
·         Pramugari: tukang ngladèni penumpang pesawat
·         Pujangga: ahli sastra, tukang ngarang
·         Sarawèdi: tukang adol utawa nggosok barléyan inten
·         Sayang: tukang gawé barang saka tembaga
·         Sekater: tukang naksir rega ing gadhèn
·         Sinoman: nom-noman tukang ladèn
·         Srati: tukang ngrumat gajah
·         Sedagar: wong dagang gedhé
·         Supir: tukang nglakokaké montor
·         Tuwa buru: abdiné germa

·         Undhagi: tukang kayu

Minggu, 28 Desember 2014

Pendidikan

TEMBANG MACAPAT

1. PANGKUR
    Sekar pangkur kangwinarna
    Lelabuhan kang kanggo wongaurip
   Ala lan becik puniku
   Prayoga kawruh ana
   Adat waton puniku dipun kadulu
   Miwah ingkang tata krama
   Den kaesthi siyang ratri

2. POCUNG
   Bapak pocung dudu tampar dudu dadhung
   Dawa kaya ula
   Penclokanmu kayu garing
   Prapteng griya si pocung ngetokne cahya

3. PANGKUR
Lan dimanteb mring panggawe becik
lawan wekasingong
aja kurang iya panrimane
yen wis tinitah marang Hyang Widhi
ing badan puniki
wis papancenipun

4. KINANTHI
Sun iki ngembani wuwus
Dewa sang Hyang Hodipati
Bathara sukma kawekas
Sira ingkang den paringi
Nenggih maosadi lata
Panguripe wong sabumi

5. SINOM
Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun

6. DANDHANG GULA
Kekidungan kang mawa pepeling
Ngelingaken mrih tindak utama
Wong urip iku wajibe
Ngagengna darmanipun
Kanthi rila terusing ati
Sira wajib lenggana
Manungsa puniku
Cinipta datan sampurna
Lan manehe tan bisa urip pribadi
Tansah butuh wong liya

7. MEGATRUH
kacarita kyana patih dhendhabahu
pan sarwia teken encis
amenggang gesar wawulung
apindha jakir nagari
yen ka anggul janma menggok

8. GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon

9. MASKUMAMBANG
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta

10. ASMARANDANA
kang kulina den adhepi
rekasane ngupa boga
repot rumpil abot angel
mula jeneng kasarasan
kang butuh wragad larang
nora kober dipun rembug
kepara den sepelekna

11. DURMA
Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati ati
Sakeh dirmaga
Singgah ana den aglis








Sabtu, 27 Desember 2014

Pendidikan

GURU LAGU, GURU WILANGAN, GURU GATRA

Guru lagu yaiku tibaning swara saben pungkasaning gatra
Guru gatra cacahing gatra saben sapada
guru wilangan cacahing wanda saben sagatra




Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat

Sekar Macapat
Sekar MacapatGuru gatraGuru wilanganGuru lagu
Mijil610, 6, 10, 10, 6, 6i, o, e, i, i ,u
Sinom98, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Dhandhanggula1010, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Kinanthi68, 8, 8, 8, 8, 8, 8u, i, a, i, a, i
Asmarandana78, 8, 8, 8, 7, 8, 8a, i, e, a, a, u, a
Durma712, 7, 6, 7, 8, 5, 7,a, i, a, a, i, a, i
Pangkur78, 11, 8, 7, 12, 8, 8,a, i, u, a, u, a, i
Maskumambang412, 6, 8, 8i, a, i, a, a
Pucung412, 6, 8, 12u, a, i, a
Gambuh57, 10, 12, 8, 8u, u, i, u, o
Megatruh412, 8, 8, 8,u, i, u, i, o

Jumat, 26 Desember 2014

Tradhisi

SADRANAN
( Pelaku)

Minangka tiyang jawi kita mesthi sampun tepang kaliyan satunggaling tradhisi ingkang sinebat Sadranan. Sadranan inggih punika tradhisi ingkang sampun wonten wiwit zaman rumiyin, ingkang taksih dipun tindakaken ngantos sapunika. Tembung sadranan saking tembung  Sraddha, ingkang tegesipun nuweni pesarean para leluhur kagem ngresiki kaliyan muwur kembang, lajeng ngirim donga kagem para leluhur ingkang padatanipun dipuntindakaken saderengipun wulan puasa. Wonten daerah ingkang sampun resik resik dipunlajengaken kenduren, ingkang saderengipun sami mbeto daharan ingkang dituker-tuker kaliyan daharanipun tiyang sanes. Sedaya wau kangge wujud raos kebersamaan.
Wonten ing upacara punika wonten pelaku pelaku ingkang nyengkuyung tradhisi punika:
·           Tribhuana Tungga Dewi
Tokoh ingkang ndadosaken dipuntindakaken tradhisi Sadranan punika.
·           Sunan kalijaga
Tiyang ingkang nindakaken tradhisi punika kanthi pisanan.
·           Masyarakat
Masyarakat minangka pelaku utama wonten ing tradhisi punika. Amargi masyarakat punika ingkang nindakaken satunggaling tradhisi.
·           Tokoh agama
Wonten ing tradisi sadranan,  tokoh agama sanget dipunperlokaken. Amargi tokoh agama ingkang nemtokaken kapan wekdal ingkang tepat kangge nindakaken tradhisi punika. Tokoh agama ugi ingkang mimpin donga. Wonten ing mriki, agama ingkang gegayutan inggih punika agama Islam.
·           Tokoh masyarakat
Tokoh masyarakat ugi  salah satunggaling  tokoh ingkang wigati. Amargi menawi botan wonten pemimpin desa, satunggaling acara mboten bakal kaleksanan.
            Saksampunipun rangkaian acara dipuntindakaken, punika nandakaken menawi masyarakat ingkang sampun nindakaken sampun suci, resik,  lajeng saged nindakaken puasa kanthu khusyu’.